Ist |
Garda.id | Sastra Parikan
Purwadi,
Ketua Lokantara
1.
Iki piye lak iki piye,
Embuh embuh ra ruh Jawane,
Ngona ngono lak salahmu dhewe,
Butuhku mung nyambut gawe.
2.
Kembang mlathi awarna peni,
Pepujane kaum putri,
Ayo sami sesanti,
Mrih luhuring warga seni.
3.
Lawang minep ketabrak luwak,
Weteng senep kakehan rujak,
Aku nginep ana sing ngajak,
Dene ketangkep bejane awak.
4.
Gethuk lindri saking Blauran,
Sing dodol kangmas Pairan,
Kula niki mung seduluran,
Sinambi lenggah lan njajan.
5.
Kembang mlathi mekare lima,
Ganda arum ing pinggir marga,
Kula niki sederma crita,
Yen lepat nyuwun pangapura.
1.
Disuwir suwir dadi selawe,
Dijupuk papat kari selukur,
Dipikar pikir ora melu nduwe,
Ora liwat dadi sedulur.
2.
Disuwir suwir dadi selawe,
Dijupuk nembelas kari songo,
Dipikar pikir ora melu nduwe,
Atine melas ditinggal lunga.
3.
Dakrewangi ndhundhuk sumur,
Mbok menawa metu sumbere,
Dakrewangi totohan umur,
Mbok menawa dadi jodhone.
4.
Dakrewangi ndhundhuk sumur,
Metu sumbere ora melu ngombe,
Dakrewangi torohan umur,
Kari senenge ora bisa ngrasakke.
5.
Esuk nakir sore nakir,
Sing ditakir godhonge sere,
Esuk mikir sore mikir,
Sing dipikir wis ana sing nduwe.
6.
Gethuk lindri saking Blauran,
Sing dodol Mbakyu Suminten,
Kula niki mung seduluran,
Yen lepat nyuwun ngapunten.rel