Ambal Warsa PAKASA

Share:
Ist



Garda.id | Ambal Warsa PAKASA 


Purwadi

Pendherek Pakasa


1.

Dhandhanggula


Tumapaking wanci ambal warsi, 

Sagung warga minulya Pakasa, 

Ing sanga likur Nopember, 

Yuswane sanga telu, 

Paguyuban kawula abdi, 

Karaton Surakarta, 

Madhep mantep purun, 

Saraya setya rumeksa, 

Asesanti murih basuki lestari, 

Sangune pasuwitan. 


2.

Kinanthi


Pangarsa punjer nenuntun,

Pakasa lumampah becik, 

Dugi Pakasa pang ugi, 

Cancut gumregut gumregah, 

Sarwa sarwi amakarti. 


3.

Mijil


Siyang ratri kiprah warni warni, 

Pakasa mencorong,

Sukoharjo Karanganyar Sragen, 

Surakarta Klaten Wonogiri, 

Boyolali ngesti,

Edi peni adi luhung. 


4.

Gambuh


Wilayah Jawa Timur, 

Blitar Malang Sidoarjo Nganjuk, 

Ponorogo Kediri Pacitan Ngawi, 

Trenggalek Tuban Madiun,

Pakasa tambah kesohor. 


5.

Pucung


Pantes muwus Purwodadi Blora Kudus, 

Semarang Jepara, 

Kebumen Magelang Pati, 

Demak kocap Banjarnegara Cilacap.


6.

Pangkur


Abdi dalem Surakarta, 

Sumebar ing tlatah bumi pertiwi,

Budaya kuncara arum, 

Ngejayeng jagad raya, 

Dadi payung Pakasa sinengkuyung, 

Ber budi bawa laksana,

Mbahu dhendha nyakrawati.


7.

Asmarandana


Jeng Pangeran Wirabhumi, 

Pangageng Punjer Pakasa, 

Anetepi gawa gawe, 

Amrih mandiri tumata, 

Nglampahi sedaya program, 

Lumampah angarah arah, 

Jumbuh kang sami ginayuh, 

Sembada ingkang sinedya. 


8.

Sinom


Jalu estri anom tuwa, 

Kang tut wuri handayani,

Pakasa asung tuladha, 

Madyaning bebrayan Jawi, 

Mangun karsaning kapti,

Asumber ing wulang wuruk, 

Reriptan pra pujangga, 

Serat Wulangreh Centhini, 

Wulang Putra Cebolek Wiwaha Jarwa. 


9.

Durma


Kraton Dalem Surakarta Hadiningrat, 

Kanthi weninging galih,

Cipta rasa karsa, 

Jiwa raga manunggal, 

Lembaga Dewan Adat mimpin, 

Sana Wilapa, 

Pakasa mangastuti. 

Jeng Ratu Wandansari. 


10.

Megatruh


Kawruh baku ingukir sigra lumaku, 

Sastra gendhing Nitisruti, 

Dewaruci Sanasunu,

Panji Menak Candrarini, 

Pakasa ndherek Karaton. 


11.

Maskumambang


Suka gembira warga Pakasa sami, 

Pahargyan ing tanggap warsa,

Upacara mesu budi, 

Tata cara wilujengan. 


Rel

Share:
Komentar

Berita Terkini