Kirab Budaya Kraton Nusantara

Share:


Ist


GARDA.ID | Kirab Budaya Kraton Nusantara


1.

Dhandhanggula


Bidhal saking taman Sri Wedari,

Duta agung Kraton Nusantara, 

Dari Sabang Merauke, 

Sama bersatu padu, 

Lestari budaya negeri, 

Bhinneka Tunggal Ika, 

Sesantinipun, 

Ragam adat istiadat, 

Rupa warni kathah religi tradisi, 

Kepribadian bangsa. 


Sarwa sarwi baju tinon asri, 

Aba aba prajurit bregada,

Tambur beri suling trompet, 

Kapyarsa swara patut, 

Pacak baris tumata aris, 

Gagah endah jumangkah, 

Golong gilig gulung, 

Gegulang galang piwulang, 

Jatidiri jaman kina wus kawuri,

Bestari wicaksana. 


Bu Windari sigra mandhegani, 

Wulan prasetyoningsih Noor Irsyad, 

Wahyu Triningsih nut gawe, 

Sri Hartini lumaku,

Ayu Indah Puspitasari, 

Nherek Ratna Kartika, 

Yulianto tuhu,

Muhammad Suyanto  pirsa, 

Laillatul Nikmah Mira Andriyani, 

Haris Kris lumaksita.


Tata cara kinarya memanis, 

Wisuda ing Kraton Surakarta, 

Pindha mutyara rinonce, 

Asri busana agung, 

Beskap cemeng blangkon lan samir,

Jarik selop kebayak, 

Gelung rengga sanggul, 

Lenggah tumungkul ing manah, 

Murwakani puja asesanti, 

Ing Bangsal Smarakata. 


2.

Mijil 


Blitar Malang Trenggalek Kediri, 

Pacitan sih kulon, 

Ponorogo Nganjuk Jombang kene, 

Sidoarjo Surabaya Gresik, 

Tulungagung Ngawi, 

Lamongan Madiun. 


Pacak baris siyaga lumaris, 

Dinten Setu Kliwon, 

Wisudan ing patbelas Desember, 

Rong ewu patlikur wus pinilih, 

Tata cara tampi, 

Kekancingan luhur.


3.

Asmarandana


Peparing ganjaran nami, 

Pangkat saha sesebatan, 

Muncar sumunar prabane, 

Cihna undhaking derajat, 

Sakjeroning masyarakat, 

Kondhang umum asma arum, 

Wibawa bagya widada. 


4.

Pangkur


Lenggah sila sluku tunggal,

Marikelu mireng wejangan gati,

Widyatama wulang wuruk, 

Wedharan kasusilan,

Unggah ungguh tata krama tanggap tangguh, 

Surakarta Hadiningrat, 

Karaton ing tanah Jawi.


5.

Gambuh


Tata tutur sumawur, 

Manah agung penggalih ngrembuyung, 

Jroning kapti sedyaning arsa ngleluri,

Budaya sangsaya luhur, 

Jagade tambah mencorong. 


6.

Pucung


Subur makmur pangajab sangsaya mujur, 

Purna Winisuda, 

Rejekine mbanyu mili, 

Tyas raharja pinaringan arta daya.


7.

Kinanthi


Mahargya mitra sedulur, 

Sami suwita sejati, 

Dhateng Kraton Surakarta, 

Pikantuk berkahing Widi, 

Tandang gancar karya lancar, 

Dagang tani sarwa bathi. 


8.

Megatruh


Sigra weruh uripe antuk pituduh,

Rekadaya murakabi, 

Maju ber bandha ber bandhu, 

Laras laris manis aris, 

Pangesthi mutih kewahyon. 


9.

Sinom


Abdi dalem Surakarta, 

Panjang punjung pasir wukir, 

Loh jinawi gemah ripah, 

Tata harja barang kapti, 

Mersudi urup urip, 

Jumbuh kang samya ginayuh, 

Sembada kang sinedya, 

Wastra waras wareg wasis,

Mbudidaya gesang terang bagya mulya. 


10.

Durma


Alun alun pagelaran pamurakan, 

Gladhag sitihinggil,

Prapteng balerata, 

Gapura kamandhungan, 

Marcukundha prapteng manganti,

Nguntarasana, 

Sentana arsa sumiwi. 


11.

Maskumambang


Tunggal cipta rasa karsa karya budi, 

Sukengtyas maring sesama, 

Nusa bangsa darma bakti, 

Abdi dalem Surakarta.


Kraton Nusantara sayekti wigati,

Kapribaden nasional, 

Pembinaan generasi, 

Angleluri kabudayan.


Setu Kliwon,

14 Desember 2024


Purwadi, 

Universitas Negeri Yogyakarta.rel

Share:
Komentar

Berita Terkini