Terompet Pusaka Kyai Glongsor

Share:

 

Ist


Garda.id | Terompet Pusaka Kyai Glongsor


1.

Mijil 


Kanjeng Sunan Amangkurat Jawi, 

Ndhawuhi golongan Anshor, 

Ngumandhang swaranipun terompet, 

Kyai Glongsor trompet ingkang nami, 

Pusaka Kartawani,

Mrih rukun rahayu. 


2.

Gambuh 


Anshor teges tetulung,

Golong gilig sambang sambung srawung, 

Adipati Ngurawan hakim negari, 

Tinanggenah ngreksa hukum, 

Binarung terompet Glongsor. 


3.

Pangkur


Sabdane Ratu Kencana, 

Prameswari nata ing Mentawis, 

Trompet Glongsor kutha Kudus, 

Kinen swara ngumandhang, 

Kersa guyub pusaka kinarya ngiyub,

Pinandhegan surenggama, 

Ketib Anom Mutamakin.


4.

Maskumambang


Ketib Anom Batang Ki Ahmad Ripangi,

Prapteng Kraton Kartasura, 

Santri Anshor ing pesisir, 

Ahli syariat makrifat.


5.

Megatruh


Wus ingutus Kanjeng Ketib Anom Kudus, 

Pekalongan Kyai Pati, 

Rembugan majelis agung, 

Trompet Kyai Glongsor muni, 

Anut dhawuhe Sang Katong.


Purwadi, 

Universitas Negeri Yogyakarta

Share:
Komentar

Berita Terkini