![]() |
Ilustrasi |
Serat Jayalangkara
1.
Mijil
Loro Mei ujian promosi,
Pendadaran doktor,
Prastawa gedhe tahun selawe,
Cik Venny Indera Ekowati,
Nyerat disertasi,
Srana tamat lulus.
2.
Dhandhanggula
Bu Profesor Endang Nurhayati,
Pak Profesor Suwardi sang dwija,
Doktor Cipto pangarsane,
Penguji jangkepipun,
Bu Prof Sri Harti Widyastuti,
Prof Afendy Widayat,
Saking jawi rawuh,
Doktor Ardianto nyata,
Dhumateng Cik Venny Indera Ekowati,
Lumampah gancar lancar.
3.
Sinom
Regeng gayeng sigrak gumyak,
Pahargyan tata promosi,
Kembul bujana ndrawina,
Kadang mitra murwakani,
Mesem sakjroning ati,
Tekan tekun guyub rukun,
Marga suka gembira,
Venny Indera mersudi,
Sung pepuja linambaran bagya mulya.
4.
Durma
Tekat kuat tlaten panen drajat semat,
Lumantar filologi,
Bidang keahlian,
Maca nulis huruf naskah,
Venny Indera Ekowati,
Wus paripurna,
Yekti kanthi permati.
5.
Asmarandana
Malaysia manca nagri,
Program master linampahan,
Age pindha mas rinante,
Rinengga mbabar seminar,
Aneng ngendi konferensi,
Cik Venny kersa meguru,
Murih jembaring wawasan.
6.
Megatruh
Sambang sambung sawang srawung lung tinulung,
Cik Venny mitayani,
Tanngap tanggon tatag tangguh,
Titis wasis samukawis,
Sumeh semune miraos.
7.
Maskumambang
Mideringrat njajah desa milangkori,
Saindhenging nusantara,
Cik Venny pacak baris,
Beres sinambi makarya.
8.
Pucung
Kang tinemu kerep udhu bahu suku,
Cik Venny enthengan,
Barang muntel diudhari,
Sung pepadhang karya suka sanak kadang.
9.
Gambuh
Misuwur priyayi luhur,
Ngangsu kawruh pituduh pitutur,
Tata titi Cik Venny Indera Ekowati,
Pasinaon wus tinempuh,
Enggal antuk gelar doktor.
10.
Sinom
Kapurwakan dhahar siang,
Pasugatan sarwa adi,
Papan jenak raos enak,
Eca gurih kang pinilih,
Mirasa merak ati,
Suwe ora nate temu,
Kapang enggal kumleyang,
Sami mahargya Cik Venny,
Micara miraga wibawa widada.
11.
Pangkur
Pratelan sarta wangsulan,
Disertasi angrembag filologi,
Serat Jayalengkara,
Mengku kawruh kinarya ndhudhah pituduh,
Gumelaring kitab kina,
Wulang wuruk tiyang Jawi.
12.
Kinanthi
Jawat asta para rawuh,
Sakwusnya terang mirsani,
Keplok alok seru imbal,
Gumun cingak amemuji,
Disertasi becik apik,
Doktor Venny pancen peni.
2 Mei 2025,
Purwadi
FBSB UNY