Pendadaran Pambiwara Kraton Surakarta

Share:

 

Yokya| Garda.id

Sanggar Pambiwara ngadani tata cara pendadaran. Ujian mapan Bale Smarakata Kraton Surakarta Hadiningrat. Para siswa sampun siyaga ing gati wiwit jam 7 enjang, Setu 14 Juni 2025. Ing pangangkah titi laksana lumampah gancar lancar. 


Paheman Sanggar Pambiwara ngesuh dhateng Yayasan Kebudayaan Kraton Surakarta. Wiyosing paheman ngantos dinten sakmangke Sanggar Pambiwara dipun pandhegani dening GKR Dra Wandansari Koes Moertiyah M.Pd. ngasta minangka pengageng Sasana Wilapa dalah Lembaga Dewan Adat. 


Kersa ngestreni pendadaran, KGPH Puger. Kagungan asma timus Gusti Suryo Bandono. Putra dalem Sinuwun Paku Buwana XII ingkang jenthara sumunar. Wicaksana sabarang pangandika. Pirsa obah musiking kawontenan. Waskitha momong sentana kawula. Ulat patrap lan pangucap saestu kinarya tepa palupi. 


Pangarsa Sanggar Pambiwara asma KPH Drs Radityo Lintang Sasongko. Dosen Fakultas Ekonomi UNS, wayah dalem Sinuwun Paku Buwana X. Paring wedharan sabda kanthi  genah genep jangkep. Priyagung ingkang titis ing samukawis, lebda ing wicara, besud, bagus alus. Blebes mersudi reh kagunan. 


Pendherek Sanggar Pambiwara bidhal saking Blitar, Semarang, Sukoharjo, Boyolali, Surakarta, Karanganyar, Wonogiri, Sragen lan Klaten. Sedaya pendherek busana Jawi Jangkep. Kakung putri mawi warni cemeng. Kakung ngagem bebedan, beskap, iked blangkon, sabuk epek, dhuwung pusaka, bros radya laksana ing dhadha sisih kiwa. Wondene para putri jarikan, stagen, kebayak lan gelung sanggul. Ketingal muncar merbawani. 



Setu Paing, 

14 Juni 2025,

Purwadi

Ketua Lokantara

Share:
Komentar

Berita Terkini