Sabtu, 27 September 2025

SOWAN BUPATI TJITROSOMA JEPARA

Garda.id - Kamis, 10 Juli 2025 10:02 WIB
SOWAN BUPATI TJITROSOMA JEPARA
SOWAN BUPATI TJITROSOMA JEPARA





 SOWAN BUPATI TJITROSOMA JEPARA


1.

Dhandhanggula


Dina Kemis Pon wanci prayogi,

Sepuluh Juli katiti mangsan, 

Tahun rong ewu selawe, 

Sigrak gumyak sawegung, 

Upacara kagem mengeti, 

Bupati ing Jepara, 

Sayekti misuwur, 

Adipati Tjitrasoma, 

Prameswari Rahadyan Ajeng Pramesthi, 

Putra Sri Amangkurat. 


Tjitrosomo Kanjeng Adipati, 

Pangarsane wewengkon Jepara, 

Misuwur ing pesisir ler, 

Nlesih para leluhur, 

Reksojiwo pangageng inggil, 

Karaton Kartasura, 

Mataram pinunjul, 

Sunan Amangkurat Emas, 

Wus amiji minangka dadya Bupati, 

Mengku nguntara praja. 


2.

Durma


Kacarita asal usul Tjitrasoma, 

Trah Kraton Majapahit, 

Kasultanan Demak, 

Nata Karaton Pajang, 

Hadiwijaya Jaka Tingkir, 

Darah Mataram, 

Pra pangarsa pesisir. 


Sendang Kalinyamatan tlatah Jepara, 

Pajimatan bupati, 

Trah Tjitrokusuma, 

Sikti tur mandraguna, 

Titis wasis ing samukawis, 

Dhasar sembada, 

Ngatasi barang kardi.


3.

Megatruh


Subur makmur tambah ngrembaka sempulur, 

Para kadang juru ukir, 

Gawa gawe tukang kayu, 

Kinarya pikoleh bathi, 

Dol tinuku perabot. 


Pra Tumenggung nyata dadi payung agung, 

Tjitrosomo kaping siji, 

Ngantya Tjitrosomo wolu, 

Run tumurun merbawani, 

Kawula gya geleng golong. 


4.

Maskumambang


Tjitrasoma mbudidaya minyak bumi, 

Bojonegoro Padhangan,

Tuban Rembang Blora Ngawi, 

Grobogan dugi Lamongan. 


Duking timur kawastanan Ki Wuragil, 

Labuh labet marang praja, 

Sunan Amangkurat ping Tri, 

Sampun kersa amisuda. 


5.

Pangkur


Ngupakara pari gaga,

Sesarengan sedherek among tani, 

Tanah gersang pereng gunung, 

Rasane enak eca,

Bisa tuwuh tanpa  toya datan ewuh, 

Kecukupan kehing boga, 

Tjitrasoma pancen wasis. 


Sinuwun Praba Suyasa, 

Purna paring Tjitrosomo kaping dwi,

Nama Adipati Kombul, 

Trampil ukir ukiran, 

Anyengkuyung juru tukang angrembuyung, 

Dumugi manca negara, 

Bandha bandhu luwih sugih. 


6.

Asmarandana


Wastra sanyata pinilih, 

Ngadi sarira busana, 

Wus ngejayeng moncer ngejreng, 

Nyamping samir blangkon beskap,

Selop busana sikepan,

Rinengga wangkingan sabuk, 

Tjitrasoma katon besus. 


Tjitrokusuma kaping tri,

Ngesuhi bandaran Tuban, 

Tanjung Mas layaran gedhe, 

Lamongan lan Tanjung Perak, 

Tegal Batang Pekalongan, 

Bupati wignya ing butuh, 

Jepara gemah raharja. 


7.

Sinom


Pasrawungan ing bebrayan, 

Sesamane pra bupati, 

Kadang kawula nguntara, 

Kumraket cerak gemati,

Tjitrasoma  mersudi, 

Linakonan sambang sambung, 

Saben dina asanja,

Warga barayat  pesisir, 

Gya kuncara kutha wilayah Jepara. 


Tjitrosomo kaping papat, 

Jalma limpat mitayani, 

Rumeksa sakehing wreksa, 

Gunung Kendheng Alas jati, 

Tjitrosomo lima yekti, 

Mbudidaya lenga cepu, 

Urut kali bengawan, 

Tjitrosomo nem amanggih, 

Pari gaga kuncara ing jagad raya. 


8.

Kinanthi


Misuwur wusnya tinandur, 

Kayu sana kayu jati,

Sami girang rega larang, 

Tharik  tharik larik larik, 

Ing madyaning wana wasa, 

Asri pindha taman sari. 


Tjitrosomo kaping pitu, 

Nggulawenthah semen gamping, 

Jepara murih tumata, 

Wewangunan edi peni, 

Bata watu wus tinata, 

Sarwa becik tinon asri. 


9.

Mijil


Kali Serang tempuk Kali Lusi, 

iline gumrojog, 

Salatiga lewat Karanggede, 

Kudus Demak saking Purwodadi, 

Nlesih Jaka Tingkir, 

Nugraha rahayu. 


Tjitrosomo wolu gya pinilih, 

Dutaning Karaton, 

Pahargyan Melayu ing Tamasek, 

Sungging ukir lancar laras laris, 

Tikel antuk bathi, 

Jepara rahayu. 


10.

Gambuh


Tampa tampi katempuh,

Tjitrasoma mardi barang kawruh, 

Tata praja Kartasura ing Mentawis, 

Jaman Amangkurat telu, 

Jepara wangun katonton.


Jepara tambah maju, 

Kabeh warga manunggal bersatu, 

Ratu Sima Kalinyamat lan Kartini, 

Minangka pahlawan agung, 

Tepa palupi kesohor. 


11.

Pucung


Tanggap tangguh kasembadan kang ginayuh, 

Jepara ngrembaka, 

Panjang punjung pasir wukir, 

Gemah ripah loh jinawi tata harja. 


Sung sesuluh wejangan para sesepuh, 

Lampahan Jepara, 

Pra taruni gya memetri, 

Bagya mulya antuk wibawa widada. 



Disusun oleh tim PAKASA, Paguyuban Kawula Karaton Surakarta Cabang Jepara. 



Kemis Pon 10 Juli 2025,

Purwadi 

FBSB UNY

Editor
: Garda.id
Sumber
:
SHARE:
 
Berita Terkait
Kajatisu Silaturahmi Ke PWI Sumut, Harli Siregar : Jaksa Jangan Cawe-Cawe Proyek dan Main Dana Desa
Ketua TI Sumut Bangga, Atlet Raih Medali di Kejuaraan Internasional Piala Panglima TNI
JMSI Sumut Siap Gelar Musda, Rianto Ahgly : Mari Bergotong Royong Demi Kesuksesan Acara
BAKOPAM Sumut Gelar Jumat Berkah, Salurkan Santunan untuk Janda di Medan dan Deliserdang
Musda JMSI Teguhkan Komitmen Mengawal Arus Informasi Akurat
JMSI Sumut Gelar Musda, Tegaskan Komitmen terhadap Informasi Akurat dan Profesionalisme Media Siber
 
Komentar