
Gendhing
Lakon Bulaksumur Binangun
1.
Prof Dr Sardjito
Pangkur
Nihan Rektor Gajah Mada,
Murwakani Prof Sardjito makarti,
Mandhegani kampus bagus,
Guru besar kawentar,
Kiyat kayun tindak tanduk sopan santun,
Sarjana rikat trengginas,
Bandha sugih welas asih.
2.
Prof Ir Herman Johannes
Pangkur
Gajah Mada gya ngrembaka,
Wus pinanggih pimpinan kaping kalih,
Prof Johannes sembur tutur,
Kawignyan kamanungsan,
Becik udhu bahu suku lan panemu,
Ilmu laku wicaksana,
Guyub rukun gotong royong.
3.
Drg Nazir Alwi
Mijil
Nazir Alwi pimpinan kaping tri,
Gumeleng gomolong,
Pawiyatan luhur enjang sore,
Kersa paring kawruh mas sinangkling,
Dokter gigi angling,
Dimen cakap cukup.
4.
Drs Soepojo Padmodipoetro
Mijil
Soepojo Padmodipoetro nuli,
Mangka dados rektor,
Sigra anetepi gawa gawe,
Gajah Mada basuki lestari,
Cerak anak didik,
Murih ayem hayu.
5.
Prof Dr Soeroso H Prawirohardjo
Gambuh
Pimpinan kokoh kukuh,
Soeroso Prawirohardjo tangguh,
Siyang ratri ngesti pakarti pambudi,
Jumbuh barang kang ginayuh,
Gajah Mada trus mencorong.
6.
Prof Dr Sukadji Ranuwihardjo
Gambuh
Kedhung kawruh pituduh,
Soekadji Ranuwihardjo ampuh,
Pinter bener kober bleger banter yekti,
Jiwa agung sinengkuyung,
Gajah Mada kang kesohor.
7.
Prof Dr Teuku Jacob
Kinanthi
Prof Teuku Jacob tuhu,
Jembararing wawasan ngelmi,
Gagasan mawi tulisan,
Sumebaring kalawarti,
Ahli saindhenging dunya,
Paleo antropologi.
8.
Prof Dr Koesnadi Hardjasoemantri
Kinanthi
Genep Rektor kaping wolu,
Koesnadi Hardjasoemantri,
Susila grapyak semanak,
Solah bawa merak ati,
Micara sarta miraga,
Kulina dadi aktivis.
9.
Prof Dr Ir Mohammad Adnan
Maskumambang
Bagus alus Muhammad Adnan kapyarsi,
Luwes gandhes pangandika,
Tatas titis samukawis,
Temen temu wicaksana.
10.
Prof Dr Soekanto Reksohadiprojo,
Maskumambang
Soekanto Reksohadiprojo marsudi,
Gumregut greget gumregah,
Gelaring budaya seni,
Gajah Mada rum kuncara.
11.
Prof Dr Ichlasul Amal
Asmarandana
Ngancik jaman reformasi,
Tumandang Ichlasul Amal,
Urun rembug regeng rame,
Sesumbang marang negara,
Tatanan murih prayoga,
Orde lama orde baru,
Lumampah ingarah arah.
12.
Prof Dr Sofian Effendy
Asmarandana
Ahli ing administrasi,
Sofian Effendy mranata,
Tata negara rinonce,
Paprentahan tertib tenan,
Pusat dumugi daerah,
Binudi laras binangun,
Masyarakat sejahtera.
13.
Prof Ir Sudjarwadi
Asmarandana
Trus pinilih Sudjarwadi,
Ayem ayom ing bebrayan,
Sawang srawung kono kene,
Gajah Mada kang kaloka,
Unggah ungguh subasita,
Kapribaden timur,
Kabudayan nusantara.
14.
Prof Dr Pratikno
Pucung
Sambang sambung Prof Pratikno lung tinulung,
Mengku kautaman,
Dosen tenndik wis nyawiji,
Suka lila murih kamulyaning praja.
15.
Prof Dr Dwikorita Karnawati
Dhandhanggula
Rektor Dwikorita Karnawati,
Wusnya mandhegani Gajah Mada,
Sepi pamrih rame gawe,
Darapon unggul kabul,
Linambaran puji hastuti,
Gumarojog pakaryan,
Sumaguh tinempuh,
Jejering wanita tama,
Temah mukti karana titen permati,
Sembada kang sinedya.
16.
Prof Dr Ir Panut Mulyono
Titi wanci sigra amakarti,
Profesor Panut Mulyono mlampah,
Jumangkah pasrah sumendhe,
Kampung ing Bulaksumur,
Mahasiswa lan mahasiswi,
Pengajar gancar lancar,
Lumaku sinau,
Ngudi kecerdasan bangsa,
Darma bakti sumungkem ibu pertiwi,
Dadya jalma piguna.
17.
Prof Dr Ova Emilia.
Sinom
Rektor Ova Emilia,
Putri pelopor Srikandhi,
Jangka jangkah pangawikan,
Tandang karya mitayani,
Tliti gemi nastiti,
Sakeh babagan karembug,
Gathuk mathuk kababar,
Katitik asiling becik,
Gajah Mada konjuk kagem jagad raya.
Purwadi,
HP 087864404347
Alumni
S1 Sastra Jawa UGM,
S2 ilmu humaniora UGM,
S3 Filsafat UGM