Sabtu, 27 September 2025

Babad GKR WANDANSARI

Garda.id - Selasa, 12 Agustus 2025 19:53 WIB
Babad  GKR WANDANSARI
Babad GKR WANDANSARI





 Babad  GKR WANDANSARI

Reriptan: Purwadi

1. Dhandhanggula


Gusti Kanjeng Ratu Wandansari, 

Pangageng ing Sasana Wilapa, 

Siji Nopember wiyose, 

Seket sanga kang tahun, 

Panjang yuswa ambaling warsi, 

Abdi dalem mahargya,

Pamuji rahayu, 

Lenggah agung binathara, 

Wus lestari mbahu dhendha nyakrawati, 

Karaton Surakarta. 


Gusti Ratu Moertiyah marisi,

Lekas luhur Kanjeng Sultan Pajang,

Jaka Tingkir Mas Karebet, 

Sumare aneng Butuh, 

Nyata paring tepa palupi, 

Trah Prabu Brawijaya, 

Peputra Pembayun, 

Dipati Handayaningrat, 

Turun Pengging darah luhur tirta wening, 

Ngejayeng tanah Jawa. 


2.

Pangkur


Ambeg adil paramarta, 

Myang ber budi bawa laksana yekti, 

Tangguh tanggon paring dhawuh, 

Amemayu bawana, 

Gusti Ratu Wandansari amituhu, 

Ing Lembaga Dewan Adat, 

Wadhah suwita angabdi. 


Pasrah Gusti Koes Moertiyah, 

Seba sowan mring Ki Ageng Penjawi,

Juru Martani misuwur, 

Ki Ageng Pemanahan, 

Nyata sepuh barang tandang gawe ampuh, 

Myang Sultan Hadiwijaya, 

Tata titi tatas titis. 


3.

Mijil 


Siyang ratri kersa mandhegani, 

Pangarsa Karaton, 

Subasita budaya rinonce, 

Tata krami dhasaring utami, 

Gusti Wandansari, 

Medhar unggah ungguh.


Nulad Panembahan Senapati, 

Bebet bibit bobot, 

Binangun Mataram Kutha Gedhe, 

Prameswari Jeng Waskitha Jawi, 

Gusti Wandansari, 

Ngabekti leluhur. 


4.

Kinanthi


Pawiyatan wulang wuruk, 

Kawruh sejarah tradisi, 

Tata wicara busana, 

Gusti Wandan wis angrintis

Ngelmu Kraton Surakarta, 

Adi luhung edi peni.


Nlesih sejarahing Ratu, 

Prabu Hadi Nyakrawati, 

Besan Pangeran Benawa, 

Krama Ratu Banuwati, 

Sultan Agung ingkang putra, 

Nulad Gusti Wandansari. 


5.

Sinom


Darma bakti pra pangarsa, 

Sentana kawula bekti, 

Gumreget sengkut gumregah, 

Rumeksa kanthi permati,

Upacara tradisi, 

Grebeg besar pasa Mulud, 

Wilujengan negara, 

Selikuran nyadran nguni,

Ngalap berkah ndherek Gusti Koes Moertiyah. 


Susuhunan Amangkurat, 

Kanjeng Sunan Tegalwangi, 

Raja sakti mandraguna, 

Pundhen Gusti Wandansari, 

Narendra ing Mentawis, 

Sugih bandha picis bandhu, 

Garwa Ratu Kencana, 

Sumirat kencana rukmi,

Ing Majenang Pancurendang Ajibarang. 


6.

Gambuh


Pakasa sung pisungsung, 

Udhu bahu suku lan panemu, 

Mangastuti dhawuh Kanjeng Wirabhumi, 

Tumangkar agung ngrembuyung, 

Gawa gawe bakal awoh.


Mangkurat Amral luhur,

Raden Rahmat saking Jawa Timur, 

Surabaya Kanjeng Adipati Pekik, 

Garwa Wandansari Ratu, 

Mbangun Kartasura Kraton. 


7.

Pucung


Dina Minggu sami ajar seni baku, 

Beksan karawitan, 

Gusti Wandan anenggani, 

Parisuka ngesti endahing budaya. 


Kang ginilut kesenian urut patut, 

Reriptan narendra,

Ayem tentrem jroning ati, 

Mangkurat Mas mutiara Kali Brantas. 


8.

Asmarandana


Tedhak Gusti Wandansari, 

Saindhenging Nuswantara, 

Kalimantan kopen kajen, 

papua Bali Sumatra, 

Cirebon nusa Tenggara, 

Sulawesi lan Maluku, 

Sinambung manca nagara. 


Paku Buwana ping siji,

Garwa Ratu Mas Balitar,

Amangkurat Jawi putrane,

Ngereh Kraton Kartasura, 

Muncar gebyar gilar gilar, 

Sami purun Wong Madiun, 

Kediri Ngawi Bang Wetan. 


9.

Megatruh


Mejang tulus sarwa besus jroning kampus, 

Seminar bawa diskusi, 

Gusti Mung aliru kawruh, 

Nuju prana kang miyarsi,

Pikantuk wejangan Kraton.


Saya unggul jejuluk Sinuwun Kombul, 

Kalih dasa Pebruari, 

Pitulas patlima tahun, 

Pindhahan kutha negari, 

Surakarta Kedhaton. 


10.

Durma


Wakil rakyat Gusti Mung paring manfaat, 

Anggota legislatif, 

Nyengkuyung budaya, 

Micara ing Senayan, 

Berjuang ing DPR RI, 

Lila legawa, 

Kukuh bakuhing nagri. 


Nata agung Sri Sunan Paku Buwana, 

Kanjeng Sinuwun katri, 

Wasis gendhing sastra, 

Nyerat Wiwaha Jarwa, 

Ratu Beruk kang prameswari, 

Putri Bang Wetan, 

Dipati Surabangi. 


11.

Maskumambang


Perjuangan Gusti Ratu Wandansari, 

Sinengkuyung pra kawula, 

Labuh labet darma bakti, 

Surakarta Hadiningrat.


Gusti Koes Moertiyah sagah ambelani,

Ya Daerah Istimewa, 

Lewat jalur konstitusi, 

DIS terang cemerlang.

Editor
: Garda.id
Sumber
:
SHARE:
 
Berita Terkait
Kajatisu Silaturahmi Ke PWI Sumut, Harli Siregar : Jaksa Jangan Cawe-Cawe Proyek dan Main Dana Desa
Ketua TI Sumut Bangga, Atlet Raih Medali di Kejuaraan Internasional Piala Panglima TNI
JMSI Sumut Siap Gelar Musda, Rianto Ahgly : Mari Bergotong Royong Demi Kesuksesan Acara
BAKOPAM Sumut Gelar Jumat Berkah, Salurkan Santunan untuk Janda di Medan dan Deliserdang
Musda JMSI Teguhkan Komitmen Mengawal Arus Informasi Akurat
JMSI Sumut Gelar Musda, Tegaskan Komitmen terhadap Informasi Akurat dan Profesionalisme Media Siber
 
Komentar