KANJENG RATU KENCONOSARI
Langkung rumiyin sam sowan ing pajimatan Imogiri. Mapan ing Sultan Agungan. GKR Wandansari dalah sentana abdi dalem caos puji pangastuti. Kawiwitan dhawuh dalem pangageng Sasana Wilapa.
1. Atur palaporan bilih Sinuwun Paku Buwono XIII sampun paripurna.
2. LDA ingkang pinandhegan GKR Wandhansari lumampah rahayu lestari.
3. Njumenengake KGPH Hangabehi minangka Sinuwun Paku Buwono XIV lulus raharja.
Lelakon lan lelaku nuting jaman. Sinuwun Paku Buwono XIV nalika dinten Kamis Wage, 13 Nopember 2025 sampun jumeneng nata. Karaton Surakarta Hadiningrat mapag gumelaring jagad anyar.
Tahlil tahmid tasbeh takbir ing Sultan Agungan. Nyekar Kanjeng Ratu Batang. Sasana Luhur sareng Sri Susuhunan Amangkurat Amral uttawi Sinuwun Kartasura. Ndherek sumare dalang Panjangmas.
Wanci jam 16 purna nyekar ing Pajimatan Imogiri. Kalajengaken sowan ing gisik duksina. Kanjeng Ratu Kencono Hadisari lenggah ing kedhaton Soko Dhomas Bale Kencono. Ubarampe genep jangkep sampun sumadya.
Rahayu sagung dumadi.