
Babad Wanagati
1.Dhandhanggula
Babad Wanagati mangesthi,
Sabda pengukuhan Guru Besar,
Angrenggani bale gedhe,
Pawiyatan kang luhur,
Gadjah Mada wus amayungi,
Fakultas Kehutanan,
Papan ngudi ngelmu,
Kawentar ing jagad raya,
Putra putri laladan ibu pertiwi,
Mersudi kepinteran.
2.
Pangkur
Patlikur katiti mangsan,
Wulan Juli tahun slawe nemahi,
Winisuda guru agung,
Prof Priyono amedhar,
Kawruh luhung sinengkuyung mrih ngrembuyung,
Kehutanan Nusantara,
Agroforestri autentik.
3.
Pucung
Tanggap tangguh tanggon wutuh gya ginayuh,
Reproduksi hutan,
Gemah ripah loh jinawi,
Prof Priyono Suryanto manggih raharja.
4.
Gambuh
Tekun tekan sinau,
Prof Priyono Suryanto lumaku,
Tata titi tatas titis samukawis,
Jiwa raga tatag tutug,
Gumolong tambah mencorong.
5.
Magatruh
Prof Priyono Suryanto sigra angundhuh,
Sakehing pakarti becik,
Sambang sambung sawang srawung,
Suka gembira sesami,
Gadjah Mada wus kesohor.
6.
Kinanthi
Pawiyatan Bulaksumur,
Nama Perguruan Tinggi,
Winastanan Gadjah Mada,
Mahasiswa mahasiswi,
Ing Fakultas Kehutanan,
Moncer basuki lestari.
7.
Mijil
Prof Priyono mbabar kayu jati,
Kondhang didol glondhong,
Saktemene yen larang regane,
Kehutanan pancen mitayani,
Barang edi peni,
Bandha adi luhung.
8.
Asmarandana
Nusantara hutan tropis,
Prof Priyono trus anabda,
Asri pindha mas rinonce,
Labuh labet marang praja,
Kanggo mulyaning negara,
Kehutanan weh pisungsung,
Pengabdian masyarakat.
9.
Sinom
Jroning alam kehutanan,
Tanem tuwuh merak ati,
Sato kewan warni warni,
Nusantara trus sugih,
Ber bandha mbrewu ber bandhu,
Minangka kanugrahan,
Sangga asinggih linuwih,
Prof Priyono Suryanto nyata sembada.
10.
Durma
Reproduksi seni hutan Nusantara,
Scientific forestry,
Suluh Mahataman,
Peragroforestrian,
Minangka revolusi sains,
Indonesia,
Prof Priyono winasis.
11.
Maskumambang
Jangkah langkah ingarah dugi prayogi,
Prof Priyono bagya mulya,
Marisi tepa palupi,
Kehutanan Gadjah Mada.
Kemis Paing, 24 Juli 2025.
Purwadi,
Alumni Sastra Jawa UGM. Hp 087864404347