Sabtu, 27 September 2025

SYEKH SITI JENAR

Garda.id - Jumat, 04 Juli 2025 07:49 WIB
SYEKH SITI JENAR
SYEKH SITI JENAR



 SYEKH SITI JENAR


Dhandhanggula


Tata cara puwasa kawuri, 

Apa dene paweweh sedhekah, 

Iku kawruhana kabeh, 

Murih kena ginugu, 

Pandam pandum pandoming budi, 

Nelahi  kyehning titah, 

Sinung swarga besuke, 

Wong Jawa kanut sarjana, 

Tur nyatane padha bae pengin uning, 

Siswa Syekh Siti Jenar. 


Kang mituhu sami mesu budi, 

Anglakoni tapa pating krembyah, 

Pancen nana ganjarane, 

Yen wus ngapal mantramu, 

Jatine kena pinanggih. 

Neng dunya bae padha, 

susah amemikul, 

Lara sangsaya tan beda, 

Marma Siti Jenar mung madhep Hyang Widhi

Gusti Dat roning kamal.


ARYA DAMAR PALEMBANG


Dhandhanggula 


Myang suratira Sri Narapati,

Majalengka kang dhawuh mring sira,

nulya tinampen sirage,

mring Harya Damar sampun, 

ponang surat binuka aglis,

sinuksma ing wardaya,

penget layang ingsun,

Brawijaya majalengka, 

Heh ta sira Harya Damar,

Sira sun paringi,

Garweng ngong putri Cina.


Nanging aja kokrewang saresmi,

lah hentenen ing titipaning wang,

yen wus mijil wawratane,

sakarsanira iku,

marang putri Cina wus dadi,

pan iku garwanira,

ywa ta hamaringsun,

sahesthining sriraning wang

pan wus kamot aneng patra kang sun tulis,

rampung tata titinya.



TAPA ING GUNUNG DANARAJA


Pangkur


Nimas Ratu Kalinyamat, 

Tilar wisma sumengka ngganing wukir, 

Tapa wuda sinjang rambut, 

Neng gunung Danaraja, 

Apratignya tan arsa tapihan ingsun, 

Yen tan antuk adiling Hyang, 

Patine sedulur mami. 


Kapindhone kakung ingwang, 

Hiya dene si Jipang kang mateni, 

Yen ora kelakon lampus, 

Si bethut Arya Jipang, 

Eningena gantiya ingkang winuwus, 

Pangeran Harya Penangsang, 

Pajineman kang den ulig.


Kelangkung kaprawiranira, 

Agal alus tan ana den wegahi, 

Cinatur jineman wau, 

Dhasar wong tau tatal,

Asring kinen akarya randhaning Ratu, 

Kekes Bupati bang wetan, 

Dene wong papat sinekti.


Pangeran Jipang ngendika, 

Mring wong papat kang sarya den kasihi, 

Kabeh sun jaluk gawemu, 

Padha lakuwa dhustha, 

Lan cidranen Sultan Pajang amrih lampus, 

Yen kelakon gawenira, 

Papat suk karya Bupati.


Si Setan Kober tamakna, 

Pamit nembah dhuwung dipun tampeni, 

Winanti wanti dhustha wus, 

Mesat sekawan pisan, 

Tan kawarna, lampahe sekawan rawuh, 

Kabeh kudu kawruhana, 

Amomor duk kala menjing.


Wus prapta sajroning pura, 

Kawarnaa lakune dhustha nenggih, 

Murih dalan ribet ribut, 

Malumpat pager bata, 

Panjingira aneng sajroning Kadhatun, 

Maling sekti papat pisan, 

Wus prapta pra sami ndingkik.

Editor
: Garda.id
Sumber
:
SHARE:
 
Berita Terkait
Kajatisu Silaturahmi Ke PWI Sumut, Harli Siregar : Jaksa Jangan Cawe-Cawe Proyek dan Main Dana Desa
Ketua TI Sumut Bangga, Atlet Raih Medali di Kejuaraan Internasional Piala Panglima TNI
JMSI Sumut Siap Gelar Musda, Rianto Ahgly : Mari Bergotong Royong Demi Kesuksesan Acara
BAKOPAM Sumut Gelar Jumat Berkah, Salurkan Santunan untuk Janda di Medan dan Deliserdang
Musda JMSI Teguhkan Komitmen Mengawal Arus Informasi Akurat
JMSI Sumut Gelar Musda, Tegaskan Komitmen terhadap Informasi Akurat dan Profesionalisme Media Siber
 
Komentar