
Babad Geneng Ngawi
1.
Dhandhanggula
Sigra bidhal saking Yogya Ngawi,
Geneng Bayem Kalang Keraswetan,
Saperlu jagong temanten,
Pak Afendi lumaku,
Bu Sri Harti miwah Bu Hesti,
Bu Siti Pak Mulyana,
Mas Makin Mas Fatkur,
Mas Aziz sarta Mas Hasan,
Mbak Erna Mas Yudi Mbak Nurhidayati,
Sigrak gumyak gembira.
2.
Pangkur
Aminatul Nur Afifah,
Damar Gian Rifai palakrami,
Sesepuh paring pangestu,
Pak Sugiyanto kersa,
Ibu Maulidah asung panyengkuyung,
Pak Djoko Susilo nabda,
Sinartan Ibu Purnani.
3.
Kinanthi
Ing telu likur Agustus,
Rong ewu selawe warsi,
Ijab kabul kaleksanan,
Tata cara kang wigati,
Aminatul Damar Gian,
Bale wisma krama resmi.
4.
Asmarandana
Titi wanci Setu Paing,
Suka rena pesta raja,
Mahargya temu temanten,
Mapan sasana rinengga,
Tinon asri katon endah,
Sumawur puji leluhur,
Ngujiwat tekeng ngawiyat.
5.
Gambuh
Ngawi caket Madiun,
Ponang manten klakon guyub rukun,
Aminatul lan Damar Gian Rifai,
Sragen Blora nemu beja,
Magetan kadang rumojong.
6.
Pucung
Gunung Lawu nekseni temanten mbrewu,
Ler Bengawan Sala,
Gunung Renteng kayu jati,
Amin Damar ginanjar cahya suminar.
7.
Maskumambang
Bagya mulya hayu basuki lestari,
Aminatul Damar Gian,
Nganti benjang kaki nini,
Angrenggani jagad raya.
8.
Durma
Gangsa munya laras slendro pelog pepak,
Waranggana pengrawit,
Ngiringi pangantyan,
Aminatul lan Damar,
Ayem tentrem trus mahanani,
Tuwuh perbawa,
Kagunan edi peni.
9.
Megatruh
Donga mangayun kumelun kayat kayun,
Puja puji pangastuti,
Kalbu pandulu pangrungu,
Cipta rasa karsa wening,
Amin Damar kang mencorong.
10.
Mijil
Bobot bebet babat bubut bibit,
Cundhuk mentul condhong,
Ganda arum melathi rinonce,
Aminatul Nur Afifah darma bakti,
Mas Gian Rifai,
Raharja sadarum.
11.
Sinom
Pawiwahan megah mewah,
Bleketepe janur kuning,
Malengkung winor tuwuhan,
Suguhane mbanyu mili,
Sarwa eca pinilih,
Sinambrama among tamu,
Andhap asor jawat asta,
Mbak Amin Mas Rifai,
Kawidadan kuat drajat pangkat semat.
Setu Paing, 23 Agustus 2025.
Purwadi,
PBD FBSB UNY