PAKU BUWONO XIII
Tumalawung tyas dhuhkita gya manekung,
Surud dalem Sri Narpati,
Pangastuti mugi konjuk,
Sahandhap padanireki,
Ndherek konduring Sang Katong.
Pra kawula sami lenggah amarikelu,
Waspa dres kumembeng mili,
Tinilar pepundhen Ratu,
Pajimatan Imogiri,
Ketingal nandhang prihatos.
Narendra gung Surakarta,
Muksa jati manjing ing tepet suci,
Mangayun Kanjeng Sinuwun,
Dhumateng Hyang Murbeng rat,
Sunan Paku Buwana Telulas sampun,
Madyapada paripurna,
Suwarga kang den lenggahi.
Kaswargan Praba Suyasa,
Gunung Merak sisih kilen ing nginggil,
Sampun lenggah kang Sinuwun,
Paku Buwono Rolas,
Kanjeng Ratu Ageng Sri Pradapaningrum,
Ndherek kaping Tigawelas,
Sawusnya manjing suwargi.
Tawang tangis bangun esuk,
Santana manungku puji,
Jroning Kraton Surakarta,
Tahlil tahmid tasbeh takbir,
Ngumandhang ing awang awang,
Sumawur donga sesanti.
Gusti Kanjeng Ratu Galuh,
Jeng Kusumayuda Gusti,
Jeng Ratu Sekar Kencana,
Haryo Mataram rumiyin,
Jeng Ratu Retno Dumilah,
Sampun pinanggig satunggil.
Lembaga Dewan Adat sigra angrukti,
Anuting tata panembah,
Parasedya kang pinilih,
Kagem Sri Paku Buwana.
Bidhal saking dhatulaya wanci enjing,
Ingiring abdi sentana,
Pra prajurit pacak baris,
Rumeksa Paku Buwana.
Dumalidir saking sasana sakalir,
Tumuju kedhaton,
Waspa kumembeng sumarah sareh,
Bela sungkawa raosing galih,
Ngalap berkah singgih,
Margane rahayu.
Wahana rata pralaya peni,
Kinurmatan songsong,
Puspa arum sajen ubarampe,
Dupa kumelun aganda wangi,
Siyaga sang kusir,
Alun alun kidul.
Dhamparing kencana rukmi,
Kraton dalem Surakarta,
Rong ewu papat tahune,
Ngasta pusaraning praja,
Hangabehi winusuda,
Wusnya jumeneng narendra,
Paku Buwana amrabu,
Ngejaya ing jagad raya.
Kehing jalma turut margi,
Njejel riyel rebut papan,
Anom tuwa cilik gedhe,
Miyarsa barisan kuda,
Tinon asri bebusana,
Tumuju ing Loji Gandrung,
Anut paugeran adat.
Tata cara kadulu,
Wus kapacak waosan lumaku,
Candrarini serat Wulangreh Centhini,
Wiraiswara karungu,
Katonton mangka wewaton.
Rata cacahe telu,
Dhampyak dhampyak ndalidir lumaku,
Ngagem beskap bebed samir,
Piningset ubengan sabuk,
Mustaka rinengga blangkon.
Gya sumawur ganda arum trah ngaluhur,
Kraton Surakarta,
Punjer sumber tanah Jawi,
Pasuwitan mrih rumeksa kawibawan.
Langit mendhung cihna kahanan mentiyung,
Pambela sungkawa,
Kinepet angin sumilir,
Lumaksana Surakarta Yogyakarta.
Kapujanggan wusnya mbabar kaendahan,
Basa sastra lelungit,
Wosing kautaman,
Madhangi jagad raya,
Mubyar muncar uruping urip,
Paku Buwana,
Manjing kasedan jati.
Saben dina sigrak gumyak juru warta,
Suluh padhang nelahi,
Kraton Surakarta,
Sumendhe hukum adat,
Tata cara wus den lampahi,
Nut paugeran,
Leluhur angleluri.
Suryo Partono kang asma,
Jeng Pangeran Hangabehi,
Nuli jumeneng narendra,
Mbahu dhendha nyakrawati,
Ambawani negari,
Paku Buwana jejuluk,
Sinuwun Ping Telulas,
Sentana pangarsa bekti,
Jroning cipta Tanah Jawa trus kuncara.
Sagunging para pelayat,
Jumujug ing Imogiri,
Beg andher kehing tumpakan,
Tumrap abdi dalem putri,
Ageman kemben mligi,
Rikma asri sinanggul,
Nyamping wiron tinata,
Lon lonan lumampah aris,
Tyas sungkawa rinapalan japa mantra.
Surakarta kinarya memanis,
Bening tenan ilining bengawan,
Lawu wetan Kendheng lere,
Kidule gunung sewu,
Rinengga Merbabu Merapi,
Rumeksa sri narendra,
Konjuk Jeng Sinuwun,
Paku Buwana Telulas,
Tepet suci pajimatan Imogiri,
Nuli manjing suwarga.
Ndherek sowan dinawuh gumilir,
Pasrah sumarah tata panembah wiwit enjang dugi sore,
Pangastuti amunjuk,
Suka puji katur narpati,
Sunan Paku Buwana,
Tindak lenggah surut,
Jatine suwarga loka,
Imogiri pajimatan tanah Jawi,
Ngarah ngalap berkah.