PAKU BUWONO XIV
SINUGATA JENANG
1. Jenang Sungsum.
Jenang sungsum kinarya njangkepi tata cara wilujengan ing negari Mataram. Karaton Mataram madeg tahun 1582. Kutha praja mapan Kutha Ageng. Jaman Kanjeng Panembahan Senapati. Sinengkuyung dening Garwa prameswari Kanjeng Ratu Waskitha Jawi, putri Ki Ageng Penjawi Bupati Pati.
Baca Juga:Kutha praja Mataram pindhah ing Kerta tahun 1613 jaman Sinuwun Sultan Agung Prabu Hanyakra Kusuma. Pindhahe kutha praja kanthi tata cara jangkep genep genah. Jenang sungsum sinugata dening Kanjeng Ratu Batang.
Tahun 1645 kutha praja Mataram pindhah dhateng Plered jaman Sinuwun Amangkurat Agung. Jenang sungsum sinugata dening Kanjeng Ratu Mas lan Kanjeng Ratu Kencana.
Tahun 1677 kutha praja pindhah saka Plered tumuju Kartasura. Jaman Sinuwun Amangkurat Amral. Jenang sungsum sinugata dening priyayi Surabaya tahun 1677.
Pindhahan kutha praja sinartan jenang, minangka piranti ndedonga. Murih sami pinanggih yuwana wilujeng. Gancaring tata cara akarya tentreming kawula dasih.
Kanjeng Sinuwun Paku Buwana II ngadani wilujengan negari tanggal 17 Sura 1745. Kanthi pangajab pinanggih yuwana rahayu.
Baca Juga:Para mudha prayogane nlesih sejarah para leluhur. Sinau tata cara Jawa bisa kanggo ngangsu kawruh adat istiadat kang wus lumaku ing madyane bebrayan. Kanthi pangajab warganing bebrayan tansah nemu suka basuki. Upamane tata cara slametan jenang Sura.
Upacara iki kanthi pangangkah murih rahayuning sagung dumadi. Jenang dadi piranti kanggo nenuwun. Puji pangastuti linambaran budaya adi luhung, seni edi peni.
Gegandhengan kalawan gegayuhan luhur mau, ayo bebarengan migatekake upacara Slametan wilujengan Sura sing diadani setaun sepisan.
Wilujengan jenang uga katindakake nalika dina Rebo, 25 Agustus 2021. Wanci jam 15 sore. Kanthi busana Jawi jangkep.
Kepareng ndherek wilujengan para abdi dalem, sentana sarta tamu sinedhahan.
Tumrape bebrayan Jawi jenang dadi sarana panuwunan.
Baca Juga:Jenang sungsum minangka pratandha rampunge pakaryan. Jumbuh kang ginayuh, sembada kang sinedya.
Kabeh lumaku gancar lancar. Mula cak cakane jenang sungsuman kanthi swasana sigrak sumarah. Ngrahapi jenang sungsum ateges ngudharake suka sukur.
2. Jenang Baro baro.
Dene jenang baro-baro ngemu surasa murih widadaning sedya. Tumapake gawe prayoga kinanthen jenang baro-baro, kang linambaran barikan.
Ngelmu laku jangka jangkah jangkane jaman. Kudrat wiradat anglakoni lelakon. Mangasah mingising budi, memasuh malaning bumi. Jenang baro baro karipta dening Kanjeng Sunan Giri Parapen jaman Karaton Pajang tahun 1546.
3. Jenang Sengkala.
Jenang sengkala minangka tulak balak. Ingkang yasa Kanjeng Sunan Kalijaga jaman Karaton Demak Bintara tahun 1482. Jenang sengkala wigati banget. Suker sahit sumingkir, godha rencana ngedoh, sandhungan pepalang ilang.
Prayoga banget jenang baro-baro disugata bareng karo kumandhange gendhing singgah-singgah.
Pangkur.
Ana kanung saka wetan. Nunggang gajah telale elar singgih. kullahu barang balikul.
setan lan brekasakan.
amuliha mring tawang-tuwang prajamu. eblise ywa keri karang. rahman kulhu bolak balik
Ana kanung kidul sangkanya. nunggang gajah telale elar singgih.
kullahu barang balikul. setan lan brekasakan
amuliha mring tawang tuwang prajamu. Eblise ywa keri karang. Rahman kulhu bolak balik
Ana kanung lor sangkanya.
nunggang gajah telale elar singgih.
kullahu barang balikul. Setan lan brekasakan
amuliha mring tawang tuwang prajamu. eblise ywa keri karang. rahman kulhu bolak balik
Ambalik marang awaknya. balik marang jasatira pribadi. balik kersaning Hyang Agung. tamat pasinggah setan.
tulak sarap punika gantya winuwus.
arane sarap den ucap. sagung kamasalah sami.
4. Jenang Ngangrang.
Jenang Ngangrang perlu mungguhing para nara praja, kang mandhegani olah gelaring pemerintahan.
Sinuwun Amangkurat Amral ndhawuhi yasa jenang ngangrang tahun 1684. Kedhaton Mataram ing kartasura tetep mulya widada. Ngreksa kawibawan kanthi maneka warna. Ing tata cara panggugahing semangat kaprajan kinathen pasugatan jenang ngangrang.
Pratelan jenang ngangrang magepokan karo pangageng tedhak. Kawula dasih mesthi kepranan nampa rawuhe para penggedhe. Wibawa kang sumunar diwujudake pasugatan jenang ngangrang. Rawuhe pengageng kang tedhak digambarake kaya dene narendra agung binathara mbahu dhendha nyakrawati, ber budi bawa laksana, memayu hayuning bawana.
6. Jenang pliringan.
Jenang pliringan karipta dening Sinuwun Amangkurat Jawi tahun 1725. Kapinuju gladhen olah gelaring keprajuritan. Bala kuswa barisan prajurit sinambrama kanthi pasugatan jenang pliringan.
Singa Nebak
Geter tambur bendhene munya angungkung
Suling sesauran selompret tetep nindhihi
Sigra mangsah lumampah anut wirama.
Sairip karo gendhing Singa Nebak yaitu lancaran Maesa Kurda. Unine cakepan mangkene.
Mahesa Kurda
Kumandhange gendhing prajuritan sinarta jenang pliringan mimbuhi gagah gumregah. Swara gamelan kompak sigrak nambahi regening swasana. Jenang pliringan sayekti dadi sarana bala kuswa gumreget, barisan prajurit gumregut, bala bregada gumregah. Luweh nges maneh yen diwenehi ater-ater tembang mijil.
Suluk Anata baris
Prajurit prawira anom, jayeng astra, panyutran pikantuk pakurmatan. Jenang pliringan mligi kanggo mahargya bala prajurit kang lagi netepi wajib. Jenang kang sinugata diolah dening Nyi Menggung Gondoroso.
Abdi dalemiki duwe jejibahan olah-olah dhaharan kang magepokan karo upacara.
7. Jenang Grendul.
Jenang Grendul tumraping kadang tani wigati banget. Sinuwun Paku Buwana III ndhawuhi yasa jenang grendul nalika tedhak ing tlatah kedhung banteng seragen tahun 1753.
Kadang tani kang mapan ing karang padesan ngayahi kuwajiban. Wiwit esuk umun umun budhal menyang sawah. Nandur pari, nandur jagung, nandur kedhele. Janganan, wowohan ijo royo-royo ngrembuyung merak ati. Sabangsane kewan iwen, ayam, bebek, menthok lan rajakaya sapi, kebo, menda anglar ing pangonan. Lakune urip ing karang padesan anut kridhaning among tani.
Jago kluruk
Srengenge nyunar kulon prenahe
Manuke ngoceh ana wit-witan
Pating cemruwit seneng atine
Tambah asri donya saisine.
Tanah supaya gembur perlu dikrakal, diluku, digaru. Ing kene kadang tani mahargya subure lemah kanthi pasugatan jenang grendul. Rasane legi kenyil-kenyil. Ngrakal sepisanan mathuk mangsa labuh. Jenang grendul sayekti nyuburake tanah gersang. Pangaribawan jenang grendul tanah tandhus tumuli gembur, cocok kanggo ulah tetanen. Para kadang tani tumuli nyawur winih.
Ama kabur tandur subur,
Loh jinawi
Kok ewuh aku, Kok ewuh aku,
Kok ewuh aku, Kok ewuh aku,
Nginteri jo ngono, Wela berase kecer
Mbok sing ati-ati, Sinau gemi
Mbokya ngelingana
Yen nyeblokke winih
Pandha cancut taliwanda
Aja kena ama
8. Jenang Garut.
Jenang garut sinartan sakehing sesaji kang digawe saka pala pendhem. Ganyong, garut, tela, pohung, uwi digodhog.
Mangsa panen mesthi wae ndadekke swasana seneng, nggayeng, regeng. Yen ngundhuh pari sinartan upacara wit witan. Pethik pari nganggo tata cara mantun pari saagem. Pari sakjodho kapethik ing sisih pojok wetan. Ora keri ngobong dupa ratus garu rasamala. Kala mangsa wujud kemenyan diobong nganggo merang.
Jajanan sesajen wujud kupat, lepet, pura. Sakbanjure diadani lek-lekan sewengi natas.
Pandherek wilujengan suran, ngangem busana jawi jangkep. Racake nganggo beskap putih lan ireng. Semono ugi ingkang mlebu kanca kaji. Ngagem serban putih.
Tata cara wilujengan jenang Sura mapan ing sasana sumewa pagelaran Karaton Surakarta Hadiningrat. Rikala tanggal 25 Agustus 2021. Ing pangajab jagad tansah rahayu widada. Sembah kalbu yen lumintu dadi laku. Manggih hayu ayem tentrem kang tinemu.rel