Kanjeng Ratu Beruk Garwa Paku Buwana III

Share:


Ist



 Garda.id | Kanjeng Ratu Beruk Garwa Paku Buwana III


1.

Dhandhanggula


Kaloka Raden Ajeng Yuwati, 

Putri Adipati Surabaya, 

Wirakusuma parabe, 

Kaloka Ratu Beruk,

Garwa Paku Buwana ping tri,

Nyata trahing kusuma, 

Garis saking ibu, 

Rengganis ing Wanasaba, 

Wayah Sindureja Ki Juru Martani, 

Warangka gung Mataram. 


Ratu Beruk dadya prameswari, 

Kanjeng Sunan Kraton Surakarta, 

Pindha sesotya rinonce, 

Angripta bathik truntum, 

Murih gancar dagang lan tani, 

Rajakaya tanduran, 

Temah subur makmur, 

Sakeh ama banjur lunga, 

Perbawane pepundhen Nagri Mentawis, 

Kanjeng Ratu Kencana.


2.

Kinanthi


Gusti Kanjeng Ratu Beruk, 

Ndherek Bupati Kediri, 

Adipati Jayaningrat, 

Tulungagung Nganjuk Ngawi, 

Madiun Trenggalek Blitar, 

Ngudi ilmi olah tani.


Mbudidaya nandur jagung, 

Manca warni bibit pari, 

Rajalele menthik genjah, 

Tela pohung ketan gurih, 

Amrih kacukupan boga, 

Warga wareg waras wiris. 


3.

Gambuh


Ratu Beruk sung wuruk, 

Kawruh empuk janganan matumpuk, 

Wortel kenthang kacang bentis kubis buncis, 

Bayem gambas ceme kangkung, 

Kemangi keningkir terong. 


Semangka manggis dhuku, 

Kates pisang duren pelem jambu, 

Palawija palapendhem palakitri, 

Ratu Beruk paring tuduh, 

Sabarang tanduran awoh. 


Kebo sapi den ingu,

Wedhus suku papat ngrengga sungu, 

Bebek menthok ayam banyak kuthuk meri,

Ratu Beruk gya anjurung, 

Among tani ingon ingon.


4.

Pucung


Kebak purun Ratu Beruk wus tumurun, 

Kebon apel Malang, 

Padhet singset rasa gempi, 

Jenak grapyak sambang sambung saya penak.


Srupat sruput unjukan gawe kepencut, 

Wedang angsle Malang, 

Segere teh gula kopi, 

Garwa nata karya gembira kawula. 


Ratu Beruk kersa medhar wulang wuruk, 

Kawruh tegal sawah, 

Ngrembaka tumangkar tani, 

Mrih negara murah wisma boga wastra. 


Wajib niru kanggo sagung para guru, 

Ngasta pawiyatan, 

Minterake siswa siswi, 

Sung tuladha utama Ratu Kencana.


5.

Sinom


Bathik truntum pralampita, 

Wejangan sang prameswari, 

Sinuwun Paku Buwana, 

Sunan Surakarta ping tri, 

Tumuwuh tresna jati, 

Lestari hayu rahayu, 

Manten mangun bebrayan, 

Siyang ratri nunggak semi, 

Putra wayah trah tumerah antuk berkah. 


Ngadi salira busana, 

Kanjeng Ratu Prameswari, 

Sagung pra juru sumbaga, 

Bisa laku lancar laris, 

Meguru dados cantrik,

Dhateng Kanjeng Ratu Beruk, 

Kanggo sangu makarya, 

Juru paes mitayani, 

Wenang kondhang mencorong regeng gumilang.


6.

Pangkur


Arta daya Surabaya,

Saking tlatah bang wetan emas picis, 

Mila nama Ratu Beruk, 

Wulu pametu sawah, 

Alas gunung tikel tekuk jroning lumbung, 

Sumimpen bandha lumaksa, 

Peni peni raja peni. 


Sumber lenga ing Madura, 

Bandar gedhe lumampah ing pesisir, 

Layaran nahkoda prahu, 

Kediri woh tanduran, 

Brantas kedhung kehing mina tumpuk undhung, 

Gunung Kendheng gamping gampang, 

Rega larang kayu jati. 


7.

Mijil 


Pating trucuk randhu kapas semi,

Pirantine dodot, 

Tenun ngantih sinjang benang lawe,

Laweyan minangka papan bathik, 

Ratu Beruk paring, 

Eguh panyengkuyung. 


Among dagang gumregut makarti, 

Sala sisih kulon, 

Yasa gagrak bathik sakwernane, 

Truntum kawung gurda sidamukti, 

Jamak sagung putri, 

Dandan besus alus. 


8.

Asmarandana


Ratu Beruk ngripta bathik, 

Gurda kinarya bebadra, 

Kawung pager ngreksa bale, 

Sidaluhur ngesti drajad, 

Sidamukti karaharjan, 

Asah asuh asih truntum, 

Warisan Ratu Kencana. 


Bebusana edi peni, 

Sagung kawula Mataram, 

Kinen weruh ponang langse, 

Surakarta rum kuncara, 

Rerenggan tata paheman, 

Katon asri adi luhung, 

Pribadi kajen keringan. 



Kapethik saking

Serat Rembun, 25 Mei 2024, Purwadi.rel

Share:
Komentar

Berita Terkini