![]() |
Ist |
Garda.id | BABAD KARANGMALANG YOGYAKARTA
Dr Purwadi M.Hum
Ketua Lokantara
HP 087864404347
A. Tri Darma Wiyata
1.
Dhandhanggula
Ambal warsa ping suwidak siji,
FBSB manggih bagya mulya,
UNY ngrembaka gedhe,
Mekar kuncara arum,
Rektor kersa amandhegani,
Naliti pendidikan,
Pengabdian tuhu,
Nggulawenthah mahasiswa,
Gelis wasis tatas titis samukawis,
Piguna nusa bangsa.
2.
Mijil
Dosen tendik gumregah makarti,
Anut dhawuh Rektor,
PTNBH paugerane,
Dekan kadep FBSB ngesti,
UNY nyawiji,
Amrih tambah maju.
3.
Kinanthi
UNY mujur sempulur,
Rektor greget angrojongi,
Dosen tendik mundhak pangkat,
Doktor master kang den udi,
Enggal antuk guru besar,
UNY unggul kawentar,
FBSB trus mengabdi.
4.
Gambuh
FBSB lumaku,
Ilmu laku pamulangan baku,
Mujudke tri darma perguruan tinggi,
Kanthi asah asih asuh,
Pangarsa wus asung pamor.
B. Kawruh Darma Aji
1.
Dhandhanggula
Pahargyan kagem Pak Sudarmaji,
Sampun purna nempuh pendidikan,
Mangka kanugrahan gedhe,
Tanggale pitu likur,
Telu likur Desember sasi,
Sajroning pawiyatan,
FBSB ndulu,
UNY lumampah lancar,
Tata tatas titis ujian promosi,
Gelar Doktor kesandhang.
2.
Pangkur
Rektor dosen tendik dekan,
Sami atur pambagya pangastuti,
Suka tandha anyengkuyung,
Sarana jawat asta,
Luru ilmu kanthi gemblenge panemu,
Tekat kuwat lan semangat,
Patuladhan Sudarmaji.
3.
Gambuh
Saguh nempuh sinau,
Sudarmaji mbangun turut guru,
Nalikane lagi nulis disertasi,
Anuhoni promovendus,
Bimbingan para promotor.
4.
Kinanthi
Promotor sing sepuh tangguh,
Asma Profesor Sugirin,
Pratomo Widodo nyata,
Guru Besar kang pinilih,
Ko promotor sabar drana,
Mulang muruk siyang ratri.
5.
Sinom
Sudarmaji pendadaran,
Bu Prof Endang Nurhayati,
Siyaga dadya pangarsa,
Miwah Profesor Zamzani,
Prof Margana utami,
Prof Sukarno tim panjurung,
Ngayahi jejibahan,
Minangkani tim penguji,
Gya lumampah tata carane ilmiah.
6.
Asmarandana
Budaya Jerman dikaji,
Sumbere tanah Eropa,
Perbandingan kono kene,
Ilmu manca ilmu Jawa,
Anjengkepi Nusantara,
Sudarmaji yun kayungyun,
Akulturasi budaya.
7.
Maskumambang
Basa sastra adi luhung edi peni,
Bangsa Jerman sung tuladha,
Sudarmaji mitayani,
Mrih ngrembaka Indonesia.
8.
Durma
Langkah jangkah Sudarmaji maju terus,
Wasis ing samukawis,
Micara mirasa,
Karana tekun tekan,
Jerman Jawa bisa nyawiji,
Dugi Magetan,
Perenge Lawu hardi.
9. Mijil
Kabudayan Jerman pancen penting,
Antuk gelar Doktor,
Toga kehormatan kang rinonce,
Ich liebe dich Mener Sudarmaji,
Wilujeng pamuji,
Garwa putra putu.
10.
Pucung
Wus misuwur Sudarmaji tansah mujur,
Putra wayah bungah,
Garwa nyengkuyung sayekti,
Kulawarga tunggal cipta rasa karsa.
11.
Megatruh
Puji atur Sudarmaji suka sukur,
Marang Ingkang Maha Suci,
Sungkem bekti tiyang sepuh,
Kolega dosen lan tendik,
Guyub rukun lahir batos.rel