Mahargya Tamu Jepang

Share:
Ist



GARDA.ID | Mahargya Tamu Jepang


1.

Dhandhanggula


Mandhegani Ratu Wandhansari, 

Pangagenging Sasana Wilapa, 

Rikala pahargyan gedhe, 

Rawuhe tamu agung, 

Miyos saking Jepang negari, 

Siyaga pra sentana, 

Suguh gupuh aruh, 

Binuka wejaring kandha, 

Fumiko Sang setya tuhu angembani, 

Karaton Surakarta. 


Tamu agung saking manca nagri, 

Besus alus angagem busana, 

Adat budaya Kejawen, 

Ketingal adi luhung, 

Edi peni sumunar asri, 

Profesor Fumiko Sang, 

Arigato matur, 

Parlemen anggota dewan, 

Amarsudi warisan luhur lestari, 

Ayem tentreming jagad. 


2.

Pangkur


Pangarsa Jepang ngendika, 

Pisowanan amrih yuwana becik, 

Kapiyarsa runtut patut, 

Wicara lembah manah, 

Sampun kesdu paring yogya pambiyantu, 

Budaya mrih lumaksana, 

Raket lancar diplomasi. 


3.

Mijil


Wus rinengga  ngumandhanging gendhing, 

Swara ngrangin alon, 

Dhedhep tidhem ing sakjroning bale, 

Sasana Handrawina pinilih, 

Papan merbawani, 

Sumorot rahayu. 


4.

Kinanthi


Duta Jepang trus anggayuh,

Ketitik bisane becik, 

Nguri uri kabudayan, 

Dangu lumaku kawuri, 

ISurakarta Hadiningrat, 

Punjer sumber tanah Jawi. 


26 Desember 2024,

Purwadi, 

Ketua Lokantara

Share:
Komentar

Berita Terkini