BABAD SURABAYA KEDHATON

Share:

 

Ist




Garda.id| BABAD SURABAYA


RATU PANGGUNG PUTRI SUNAN AMPEL


1.

Dhandhanggula


Kanjeng Ratu Panggung wus pinilih, 

Garwa prameswawi Raden Patah, 

Jumbun Sirullah parabe, 

Dasa nama jejuluk, 

Syah Alam Akbar Abdul Hamid, 

Nata Demak Bintara, 

Putri unggul ayu, 

Miyos kutha Surabaya, 

Trahing Sunan Ampel tetungguling wali, 

Minulyeng tanah Jawa. 


Duk nalika Ratu Panggung lahir, 

Pinaring asma Siti Patimah, 

Mumpuni kasarjanane, 

Rinipta serat suluk, 

Wedharane ngelmu agami, 

Saringat lan tarikat, 

Kawaca rumuhun, 

Hakikat purna makripat, 

Prameswari Demak Bintara mersudi, 

Kawignyan tata praja.


Siti Patimah ing manca nagri, 

Turki Persi Mesir Yaman Bagdad, 

Malaka Deli Tamasek, 

Srilanka Nepal Indhu, 

Hongaria Inggris Perancis, 

Thailand Tionghoa, 

Ternate Maluku, 

Tidore Bima Makassar, 

Jailolo Banjar Buton Goa Bugis, 

Cirebon Banten Sunda. 


Jimat sakti paringane Wali, 

Sumimpen ing masjid agung Demak, 

Kyai Gundhil sesebute, 

Daya wibawanipun, 

Tolak balak kehing sesakit, 

Kotang Antakusuma, 

Kalis saking mungsuh,

Sipat kandel dhatulaya, 

Pra winasis tansah angandika aris, 

Ratu Panggung winejang. 


Jeng Pangeran Nagri Atas Angin, 

Sampun kawentar Seh Siti Jenar, Kanjeng Pangeran Gerage, 

Trahing Giri Kedhatun, 

Penguwasa laladan Gresik, 

Jeng Pangeran Bawean, 

Sunan Cendana Gung, 

Geseng Pangeran Cahyana,

Jambukarang Syekh Kurawang Syekh Magribi, 

Seh Parak Wali Lanang. 


Sunan Bentong Kanjeng Ngusman Aji, 

Anoraga dhedhepok Pemalang, 

Karangbaya kalokane, 

Raja Brahmana Galuh,

Penataran Jeng Sunan Katib, 

Tembalo Pesisiran, 

Ngerang Sela Tarub, 

Dwija Demak Bintara, 

Mandraguna sekti permana permati, 

Waskitha bijaksana. 


Ratu Panggung sigra andhawuhi, 

Jimat Gong Kyai Sekar Delima, Muludan Grebeg Sekaten, 

Jeng Kyai Gunturmadu, 

Sigra ngumandhang Guntursari,

Mangungkung den tabuh, 

Kawula mandar budaya, 

Purwa kanthi maca babad kanca Kaji, 

Sineksenan sentana. 


Kanjeng Sultan samana undangi,

Arsa tindak marang Kalijaga,

Arsa mboyongi karsane,

Dhumateng kang pilungguh,

Kalijaga sang mahayogi,

Samekta ponang bala,

Bidhal Sang Aprabu,

Watara wong tigang leksa,

Kang umiring pra dipati pepak sami,

Busana warna warna.


Den pondhongi mring Demak Nagari,

Anglegani wau Sang Pandhita,

Nalika sung sugatane,

Dhawuh mring pra wadya gung,

Samya caos godhong pribadi,

Pra dipati satriya,

Mantri sadaya wus,

Lurah pakathik sadaya,

Kang Sinuhun angliwet amung sakendhil,

Kendhil Siyem kinarya.


Bekta jimat mubeng Sang Ayogi,

Ngedhuk liwet ingarepanira,

Pra dipati dhewe dhewe,

Dalah sabalanipun,

Nora telas kendhil sawiji,

Tuwuk wong tigang leksa,

Kendhile kinedhuk,

Parandene dereng telas,

Karamate wong tigang leksa asami,

Langkung nikmat ing jasat.


Nulya tatal tinumpukan aglis,

Sinambungan wis dadi sak saka,

Susunan Kali sabdane,

Enjingira winuwus,

Yata pepak kang para wali,

Susunan Ngudung prapta,

Wus tumameng ngayun,

Pangeran Dipati Bintara,

Maring Panggung Sunan Bonang ngandika aris,

Prameswari narendra. 


2.

Kinanthi


Kanjeng Adipati Yunus, 

Pangeran Sabrang Lor Tasik, 

Putra Demak Raden Patah, 

Ratu Panggung prameswari, 

Sunan Ampel Surabaya, 

Leluhure Glagahwangi. 


3.

Pangkur


Narendra Sultan Trenggana, 

Wayah Kanjeng Sunan Ampel ing Surabangi, 

Raden Patah Ratu Panggung, 

Nggulawenthah atmaja, 

Raja agung Demak Bintara ginunggung,

Kuncara tanah bang wetan, 

Surabaya arum wangi. 


4.

Mijil


Surabaya sumawuring wiji, 

Kanjeng Sultan Trenggana palakrami, 

Ratu Mas Maloka Agung, 

Mitos Ratu Cempaka, 

Kanjeng Ratu Hadiwijaya amengku, 

Prameswari Sultan Pajang, 

Mas Karebet Jaka Tingkir.


RARU MAS CEMPAKA JAKA TINGKIR


1.

Dhandhanggula


Ratu Mas Cempaka Jaka Tingkir, 

Wayah buyut saking Surabaya, 

Wali sepuh Sunan Ampel,

Ramane Ratu Panggung, 

Demak Pajang Kraton Mentawis, 

Trah kusuma bang wetan, 

Arembesing madu, 

Medhang Kediri Jenggala, 

Singasari Kahuripan Majapahit, 

Satriyadi brahmana. 


Tepa palupi Dyah Banuwati, 

Siwi ayu Pangeran Benawa, 

Kang ibu menggalih gedhe, 

Rara Tasikmadu, 

Pamekasan suta bupati, 

Wisma ing Surabaya, 

Bandaran kang agung, 

Pelabuhan Tanjung Perak, 

Dagang layar kayu sarem gamping laris, 

Gancaring daya arta. 


Sinuwun Hadi Hanyakrawati, 

Dyah Banuwati minangka garwa, 

Mumpuni kasarjanane, 

Suka ambangun gedhung,

Pesanggrahan den arah bathi, 

Pasewan Jayakarta, 

Gumyak sigrak rebut payu, 

Sambung srawung manca praja, 

Emas picis anglumpuk lumaris manis, 

Nambah santosa praja. 


Dodol lisah bumi banyu mili, 

Blora Bojonegoro lan Tuban, 

Winangun punjering bale, 

Dedunung kutha Cepu, 

Banuwati angindhit dhuwit, 

Karya wragat negara, 

Mrih kuncara arum, 

Mataram ngejayeng jagad, 

Prameswari weruh petung lincah kesit,

Nuhoni trahing Pajang. 


Raja putra Pajang kang winarni, 

Asmanipun Pangeran Benawa, 

Wusnya minulya sumare, 

Ing Morotoko dhukuh, 

Kapernah desa Wateshaji, 

Minangka pajimatan, 

Agung inggil luhur, 

Suka lila angrumeksa

Warga Pati kecamatan Pucakwangi, 

Ginanjar antuk berkah.


Narendra gung Raden Jaka Tingkir, 

Jejuluk Sultan Hadiwijaya, 

Kang kawentar Mas Karebet, 

Wasis waskitha ampuh, 

Tedhak turun priyagung Pengging, 

Atma Kebo Kenanga, 

Tur rembesing madu, 

Dhasare trahing kusuma, 

Ratu Pembayun Dayaningrat Dipati, 

Turase Brawijaya.


Kanjeng Ratu Cepaka linuwih, 

Ingkang ibu Pangeran Benawa, 

Pindha melathi rinonce, 

Ganda sumerbak arum, 

Sekar dhaton kinasih aji, 

Kanjeng Sultan Trenggana, 

Bagas bagus alus, 

Ber budi bawa laksana, 

Ambeg adil mbahu dhendha anyakrawati, 

Nata Demak Bintara.


Ratu Kalinyamat luwih sugih, 

Pangeran Hadirin wus anggarwa, 

Asale Samudra Pase, 

Ber bandha lan ber bandu, 

Rajabrana inten mas picis, 

Rena tata wiyata, 

Kawruh wulang wuruk, 

Benawa ndherek suwita, 

Gelis wasis tatas titis samukawis, 

Meguru aneng Jepara. 


Sami ndherek Pangeran Hadirin, 

Kanjeng Madiun Rangga Jumena, 

Dipati Pangeran Onje, 

Benjang nuli kajunjung, 

Purbalingga mangka bupati, 

Raden Joko Kahiman, 

Derajat ngaluhur, 

Adipati Banyumas, 

Wus permati nggulawenthah siswa siwi, 

Jeng Ratu Kalinyamat.


Banuwati sung tepa palupi, 

Minangka dadi garwa pangarsa, 

Candr tiyang sepuh lare, 

Mbudidaya praja maju, 

Kanca estri wruh jatidhiri, 

Wisma boga lan wastra, 

Wareg cekap cukup, 

Butuh jembar jangkah wiyar, 

Sagung putri kebat rikat amakarti, 

Mbangun nagri Mataram. 


2.

Pangkur


Banuwati mulang mejang, 

Tata cara urip sampun kawuri, 

Warisan para leluhur, 

Demak Pajang Mataram, 

Ilmu laku pasahe krana panemu, 

Gumregut greget gumregah, 

Prameswari kang sejati. 


Pangeran Benawa putra, 

Paring asma Ratu Dyah Banuwati, 

Wanita hayu rahayu, 

Dhauping palakrama, 

Prabu Hadi Nyakrawati gya miyos sunu, 

Sultan Agung Nyakrasuma, 

Narendra Kraton Mentawis.


Wondene Rangga Jumena, 

Retna Dumilah garwa Senapati, 

Tedhak turune Madiun, 

Jeng Ratu Mas Balitar, 

Prameswari Paku Buwana kang sepuh, 

Tangguh tangggon tansah tanggap, 

Ambawani tanah Jawi. 


Benawa asung tuladha, 

Nurunake darah santri priyayi, 

Nggegulang sabarang ilmu, 

Pesantren gya ngrembaka, 

Pamulangan dadi piranti pituduh, 

Gumebyar gilar sumebar, 

Kinarya sangu makarti. 


Aneng tlatah Jawi wetan, 

Garwa Prabu Hadi Hanyakrawati, 

Mrantasi pakaryan rampung, 

Tuwa mudha pinercaya, 

Langkah maju panemu laju limaku, 

Mawi jejeging redana, 

Kanjeng Ratu Banuwati. 


3.

Gambuh


Sembada ampuh tangguh, 

Darma bakti konjuk para sepuh, 

Prameswari Kanjeng Ratu Banuwati, 

Angengeti bapa ibu, 

Mula banjur sregep maos. 


Sowan marang leluhur, 

Kraton Surakarta kang misuwur, 

Putra Pajang sumare laladan Pati, 

Benawa paring pitutur, 

Mawi wejangan miraos. 


Pangeran Benawa perlu, 

Medharake sanggya ilmu laku, 

Kawruh sepuh wutuh kasampurnan jati, 

Drajat pangkat semat wahyu, 

Rumasuk padhang sumorot.


Kedhung kawruh pituduh, 

Banuwati prameswari wutuh, 

Barang kalir lumaku gancar sumilir, 

Mataram sangsaya maju, 

Ing bawana trus kesohor. 


4.

Kinanthi


Sampun mulang Sultan Agung, 

Prameswari Banuwati, 

Kawruh tama niti praja, 

Sinerat ing sastra gendhing, 

Wacan serat pagracutan, 

Dimen dadi jalma lantip. 


Benawa patut tiniru, 

Bekti marang Senapati, 

Pasrah panguwasa Pajang, 

Kawibawan kraton Pengging, 

Lumintir aneng Mataram, 

Supaya lumaku becik.


Nak tumanak run tumurun, 

Pangeran Benawa iki, 

Pinaringan kanugrahan, 

Kawiryan hartawan wasis, 

Demak Pajang lan Mataram, 

Widada sugeng lestari.


Adi luhung jiwa agung, 

Kanjeng Ratu Banuwati, 

Garwa nata ing Mataram, 

Krana maringi tuladha, 

Wulang wuruk becik apik, 

Pepundhen para kawula, 

Labuh labet mring negari.


RATU SENTUL SURABAYA


1.

Kinanthi


Unggul kabul Ratu Sentul, 

Maringi tepa palupi, 

Ing Karaton Surakarta, 

Darma bakti mring negari, 

Trah Pura Mangkunegaran, 

Tuhu prasetya ing janji. 


Mendhem jero mikul dhuwur, 

Ratu Sentul mangastuti, 

Wejangan raja Mataram, 

Mangka jejering pawestri, 

Winursita jroning kitab, 

Sastra piwulang prayogi. 


2.

Gambuh


Wanodyayu pununjul, 

Asmanipun Raden Ajeng Sentul, 

Rajaputri Sunan Paku Buwana Tri,

Semu purun sopan santun, 

Grapyak jenak andhap asor. 


Gathuk pethuk pikantuk, 

Wulang wuruk Kanjeng Ratu Beruk,

Wonogiri Karanganyar milangkori, 

Gunung Sewu Gunung Lawu, 

Ratu Sentul wus kesohor. 


3.

Maskumambang


Mustikaning putri lenging widodari,

Ratu Sentul Surakarta, 

Micara guna winasis, 

Olah kridha tata praja. 


Maos sastra kitab Jawa kuna becik, 

Ratu Sentul awewarah, 

Sentana sami sumiwi, 

Paheman ing pemulangan. 


4.

Pucung


Sastra suluk saringat gathuk winuruk, 

Ratu Sentul maca, 

Iman ihsan insan kamil, 

Wali Sanga paring wedharan agama. 


Sipat kawruh werdining tarikat wutuh, 

Hakikat makripat, 

Ratu Sentul nyinaoni, 

Keh piwulang sasmita padhange terang. 


5.

Mijil


Ratu Sentul maos Nitisruti, 

Rinaos ing batos, 

Kapitayan sumarah sumendhe, 

Amarsudi sampurnaning urip, 

Sangkaning dumadi, 

Paranipun kayun. 


Serat pangracutan sastra gendhing, 

Nitipraja waos,

Ratu Sentul mapan tengah bale, 

Tatas titis kinarya memanis,

Wulangan Mentawis, 

Kanjeng Sultan Agung. 


6.

Asmarandana


Ratu Sentul palakrami, 

Gancar mangun bale wisma, 

Melathi arum rinonce, 

Pangeran Hadiwijaya, 

Putra Sri Mangkunegara, 

Guyub rukun atut runtut, 

Pindha mimi lan mintuna.


Pangantyan sigra lumaris, 

Mangka sang bekti darma, 

Ing sedya arsa mergawe,

Manunggaling Kasunanan, 

Lan Pura Mangkunegaran, 

Warisan para leluhur, 

Wibawa mulya widada.


7.

Durma


Ratu Sentul Prabuwijaya lumaksa, 

Wilayah Wonogiri, 

Ing Ngawen Pacitan, 

Tlatah Karanganyar, 

Sawah tegal kebon nanduri,

Kali Keduwang,

Toya bengawan mili. 


Arta daya kumpul kempal bandhu bandha, 

Ratu Sentul makarti, 

Gumregut gumregah, 

Greget Prabuwijaya, 

Laris manis kehing mas picis, 

Bantu negara 

Asih kawula dasih.


8.

Megatruh


Ratu Sentul nurunke bibit pinunjul, 

Bagus alus wegig sigit,

Ngelmu wewarah pitutur, 

Dhateng Bagdad Mesir Turki, 

Praja Eropa linakon. 


Gusti Raden Mas Sulama asmanipun, 

Wisuda ngemban negari, 

Mangkunegara Dwi sampun, 

Sentana kawula dasih, 

Nyengkuyung hadeg keprabon. 


9.

Dhandhanggula


Mangkunegara ingkang kaping dwi, 

Wayah Paku Buwana ping tiga, 

Ratu Sentul atmajane, 

Prabuwijaya sunu, 

Ratu Beruk eyange putri, 

Trah Kraton Surakarta, 

Tumuli sinambung,

Lan Pura Mangkunegaran, 

Wus nyawiji gya binangun tanah Jawi, 

Gusti Raden Sulama. 


Ratu Sentul wanita pinilih,

Nyaranani negara manunggal, 

Tanah Jawa saya rame, 

Sugih bandha abandhu,

Kasusastran ngrembaka becik, 

Tata praja prayoga, 

Budaya ngrembuyung, 

Kagunan enggal tumangkar, 

Edi peni adi luhung merak ati, 

Ngejayeng jagad raya. 


10.

Sinom


Ratu Sentul Surakarta, 

Mangkunegaran nyawiji, 

Pangeran Prabuwijaya, 

Garwa minulya becik, 

Tata gemi nastiti, 

Taberi karya lelaku, 

Sumandhing raja brana,

Kathah turah emas picis, 

Gung pakaryan mobal ageng kasembadan. 


Pangeran Prabuwijaya, 

Ratu Sentul angimbangi, 

Nggulawenthah ingkang putra, 

Raden Sulama winasis, 

Pratitis samukawis, 

Kewahyon dhampare ratu, 

Pura Mangkunegaran, 

Gumantos Eyang Mas Said, 

Trah kusuma lestari nata nagara.


11.

Pangkur


Ginarwa Prabuwijaya, 

Ratu Sentul mastuti kanthi permati,

Dhawuhe para leluhur, 

Para nata Mataram, 

Amrih arum Mangkunegaran sadarum,

Surakarta Hadiningrat, 

Manunggal wibawa mukti. 


RATU BERUK WIRAKUSUMA SURABAYA


1.

Dhandhanggula


Raden Ajeng Yuwati kang siwi, 

Adipati Jeng Wirakusuma, 

Saking bang wetan wus moncer, 

Katelah Ratu Beruk, 

Surabaya Lamongan Gresik, 

Probolinggo Lumajang, 

Blitar Tulungagung, 

Situbondo Pasuruan, 

Banyuwangi Jomang Pacitan Kediri, 

Bojonegoro Tuban. 


Kanjeng Ratu Bang Wetan winarni, 

Tetungguling wanita minulya, 

Sumenep Sampang Trenggalek, 

Mojokerto Madiun, 

Ponorogo Caruban Ngawi, 

Bangkalan Pamekasan, 

Tlatah Ratu Beruk, 

Mojoagung Kertasana, 

Amartani tanem tuwuh jagung pari, 

Kali Brantas Bengawan. 


Gya binangun kehing lumbung pari, 

Kutha gunung ing karang padesan, 

Katon asri jajar jejer, 

Kraton Mataram purun, 

Ngati ngati gemi nastiti, 

Permana simpen pangan, 

Cukup tumpuk undhung, 

Warata ing saknegara, 

Kadang tani among dagang tukang sami, 

Sedaya ngupakara. 


Tirta umbul Cakra umbul Pengging, 

Mili tumuju ing Kartasura, 

Pertanian dadi moncer, 

Pari jagung ngrembuyung, 

Saurute Larangan Kali,

Mataram Surakarta, 

Asri subur makmur, 

Palapendhem palawija, 

Palasimpar palagandhul palakitri, 

Sumusul palarambat. 


Patuladhan Amangkurat siji, 

Nalikane yasa pabrik kecap, 

Bahan dhele yekti sae, 

Ratu Beruk sinau, 

Purwodadi papan makarti, 

Nganjuk Jombang Lamongan, 

Kediri Madiun, 

Bojonegoro lan Blitar, 

Tulungagung Trenggalek Pacitan Ngawi, 

Tanduran palawija. 


Palawija tanduran winarni, 

Rikala jaman Kraton Mataram, 

Kacang ijo jagung dhele, 

Akarya subur makmur, 

Tlatah wetan kawula dasih, 

Sasana boga wastra, 

Cukup tangguh wutuh, 

Tegal wiyar sawah jembar, 

Kadang tani sengkut gumregut makarti, 

Ngayahi kewajiban. 


Pasugatan kagem para estri, 

Methik saking wacan serat kina, 

Rinaos dimen pikoleh, 

Pahargyan hari ibu, 

Tandha yekti minangka bekti, 

Wanita wani nata, 

Desember rolikur, 

Sarana amrih minulya, 

Sung palupi kaca benggala pawestri, 

Ratu Beruk kinucap. 


Kaloka Raden Ajeng Yuwati, 

Putri Adipati Surabaya, 

Wirakusuma parabe, 

Kaloka Ratu Beruk,

Garwa Paku Buwana ping tri,

Nyata trahing kusuma, 

Garis saking ibu, 

Rengganis ing Wanasaba, 

Wayah Sindureja Ki Juru Martani, 

Warangka gung Mataram. 


Ratu Beruk dadya prameswari, 

Kanjeng Sunan Kraton Surakarta, 

Pindha sesotya rinonce, 

Angripta bathik truntum, 

Murih gancar dagang lan tani, 

Raja kaya tanduran, 

Temah subur makmur, 

Sakeh ama banjur lunga, 

Perbawane pepundhen Nagri Mentawis, 

Kanjeng Ratu Kencana.


2.

Kinanthi


Wanita bang wetan hayu, 

Ratu Beruk wasis titis, 

Miyos kutha Surabaya, 

Sinebut Ratu Yuwati, 

Turut dhusun pegunungan, 

Njajah desa milangkori. 


Pisungsung isine lumbung, 

Gaplek tela jagung pari, 

Ngumandhang ing awang awang, 

Nutu beras mawi seni, 

Sinambi tembang dolanan, 

Guyub rukun merak ati. 


Olah olah bahan baku, 

Pawon minangka piranti, 

Dhedhaharan bumbu kecap, 

Kedhele dadi wigati, 

Mulane Ratu Kencana, 

Enggal yasa bangun pabrik. 


Beruk Ratu ngudi ngelmu, 

Dugi Eropa negari, 

Jerman Inggris Roma Prancis,

Polandia Italia, 

Portugal Sepanyol Suwis, 

Ngupakara pertanian, 

Milang miling pilih tandhing.


Pengetan ing hari ibu, 

Mangka tandha darma bakti, 

Mugi enggal antuk berkah, 

Wiwit saking brayat alit,

Dugi laladan negara, 

Kersa ngungak jaman riyin.


Gusti Kanjeng Ratu Beruk, 

Ndherek Bupati Kediri, 

Adipati Jayaningrat, 

Tulungagung Nganjuk Ngawi, 

Madiun Trenggalek Blitar, 

Ngudi ilmi olah tani.


Mbudidaya nandur jagung, 

Manca warni bibit pari, 

Rajalele menthik genjah, 

Tela pohung ketan gurih, 

Amrih kacukupan boga, 

Warga wareg waras wiris. 


3.

Gambuh


Bang wetan Ratu Beruk, 

Kadang tani tampi wulang wuruk, 

Tegal sawah pekarangan papan karti,

Tata cara tanem tuwuh, 

Samapta sakeh pirantos. 


Lumpang alu kadulu, 

Rinten dalu mireng wong anutu, 

Ndheplok tela jagung tapen inter pari, 

Njupuk gabah saking lumbung, 

Nyambut gawe gotong royong. 


Ratu Beruk kayungyun, 

Pabrik kecap kasusra binangun, 

Purwodadi tlatah tepak yasa kardi,

Suwasana pancen jumbuh, 

Gegayuhan wus kelakon. 


Subur makmur misuwur, 

Bahu suku weh udhu panemu, 

Laku laris manis Jeng Ratu Mentawis, 

Kutha dhusun sami purun, 

Tanduran ngrembuyung awoh. 


Wejangan pra leluhur, 

Gya andulu eling hari ibu, 

Para putri pinaring tepa palupi, 

Maca sejarah rumuhun, 

Seserepan kang wigatos. 


Ratu Beruk sung wuruk, 

Kawruh empuk janganan matumpuk, 

Wortel kenthang kacang bentis kubis buncis, 

Bayem gambas ceme kangkung, 

Kemangi keningkir terong. 


Semangka manggis dhuku, 

Kates pisang duren pelem jambu, 

Palawija palapendhem palakitri, 

Ratu Beruk paring tuduh, 

Sabarang tanduran awoh. 


Kebo sapi den ingu,

Wedhus suku papat ngrengga sungu, 

Bebek menthok ayam banyak kuthuk meri,

Ratu Beruk gya anjurung, 

Among tani ingon ingon.


4.

Pucung


Ratu Beruk paring conto nandur jeruk, 

Wilayah bang wetan, 

ing perenging gunung Wilis, 

Kutha Malang woh wohane pirang pirang. 


Nata lesung lumpang alu pinggir lumbung, 

Kothekan wirama, 

Mirip lagu laras gendhing, 

Sigrak gumyak sarwa jenak enak penak. 


Dhele Nganjuk bahan kecap pancen gathuk, 

Suku Wilis Pandhan, 

Kediri Madiun Ngawi, 

Panaraga  Sragen  Tuban Rembang Blora. 


Tebu wulung anteb kalbu lung tinulung, 

Nandur palawija, 

Sinengkuyung prameswari, 

Kanjeng Sunan Paku Buwana kepranan. 


Urun rembug wola wali ngantos ketug,

Warah para sepah, 

Sumimpen sakjroning puri, 

Perlu maca pustaka terang terwaca. 


Kebak purun Ratu Beruk wus tumurun, 

Kebon apel Malang, 

Padhet singset rasa gempi, 

Jenak grapyak sambang sambung saya penak.


Srupat sruput unjukan gawe kepencut, 

Wedang angsle Malang, 

Segere teh gula kopi, 

Garwa nata karya gembira kawula. 


Ratu Beruk kersa medhar wulang wuruk,

Kawruh tegal sawah, 

Ngrembaka tumangkar tani, 

Mrih negara murah wisma boga wastra. 


Wajib niru kanggo sagung para guru, 

Ngasta pawiyatan, 

Minterake siswa siswi, 

Sung tuladha utama Ratu Kencana.


5.

Sinom


Panaliten ing bang wetan, 

Tanah geni banyu kali, 

Bantala kanggo tanduran, 

Gunung Kelud mubal geni, 

Semeru Bromo hagni, 

Wusnya dhawuh Ratu Beruk, 

Lumampah kali Brantas, 

Ngarah ngarih toya warih, 

Sumber alam maringi beja pangeram. 


Sumadiya alu lumpang, 

Piranti anutu pari, 

Sanak kadang padhusunan, 

Among dagang juru tani, 

Taberi saben hari, 

Nata lesung jagi lumbung, 

Ora bakal kapiran, 

Sugih tela jagung pari, 

Boga wastra waras wasis cukup wisma. 


Tanduran kedhele sawah, 

Perlu tegal papan garing, 

Barat sumilir kumlebat, 

Kembang mulut warna warni, 

Suket thukul diwatuni, 

Bareng awoh trus diundhuh, 

Minangka bahan kecap, 

Bumbu sedhep enak gurih, 

Manuhara keplek ilat angon rasa. 


Ratu Kencana kuncara, 

Cerak caket juru tani, 

Kanjeng Ratu Palawija, 

Sami kersa amastani, 

Cihna raos tresna sih, 

Konjuk Kanjeng Ratu Beruk, 

Gennya paring geng nugraha, 

Sagunging kawula dasih, 

Sihing raja ambabar gesang minulya. 


Bathik truntum pralampita, 

Wejangan sang prameswari, 

Sinuwun Paku Buwana, 

Sunan Surakarta ping tri, 

Tumuwuh tresna jati, 

Lestari hayu rahayu, 

Manten mangun bebrayan, 

Siyang ratri nunggak semi, 

Putra wayah trah tumerah antuk berkah. 


Ngadi salira busana, 

Kanjeng Ratu Prameswari, 

Sagung pra juru sumbaga, 

Bisa laku lancar laris, 

Meguru dados cantrik,

Dhateng Kanjeng Ratu Beruk, 

Kanggo sangu makarya, 

Juru paes mitayani, 

Wenang kondhang mencorong regeng gumilang.


6.

Maskumambang


Saperenging kiwa tengen gunung Kawi,

Tinanem kehing woh wohan, 

Tuwuh aglis katon manis, 

Ratu Beruk borong tumbas. 


Payon blabak lempeng rapet kayu jati, 

Lumbung bakuh kukuh kuwat, 

Rayap lunga tikus wedi, 

Perbawane japa mantra. 


Dagang kecap pundi papan antuk bathi, 

Pasar gancar bakul lancar, 

Suka bagya kadang tani, 

Pratikel Ratu Kencana. 


Mataram manggih jaman kencana rukmi, 

Krana tandur palawija, 

Suka lila among tani, 

Nyata awoh bagya mulya. 


Sowan raka Pamekasan Adipati, 

Sumenep Bangkalan Sampang, 

Madura pancen wigati,

Ratu Beruk sambung sambang. 


Hari ibu wanci pengetan prayogi, 

Ratu Beruk garwa nata, 

Asung wulang para putri, 

Kinen ngreksa kayuwanan.


Bagya mulya wibawa sagung pawestri, 

Anggegulang kautaman, 

Saka gurune negari, 

Bebrayan langkung tumata. 


7.

Mijil


Sidoarjo Surabaya Gresik, 

Pabrik barang cocok, 

Dagang pasar gawe bakul rame, 

Tanjungperak

layaran negari, 

Kersa mandhegani, 

Kanjeng Ratu Beruk. 


Sandhang pangan papan anyukupi, 

Dandang kekep genthong,

Ngaron jambang bul jun ember, 

Enthung irus siwur kendhi, 

Kukusan kuwali, 

Cedhak karo lumbung. 


Yasa kecap gagrag Purwodadi, 

Budidaya kraton, 

Dhele kangge bahan tahu tempe, 

Saben hari piranti nyukupi, 

Among dagang bathi, 

Juru tani cukup. 


Pereng gunung Pandhan gunung Wilis, 

Palawija katon, 

ijo royo royo mawor jene,

Gunung Lawu ing Madiun Ngawi, 

Larik tharik tharik, 

Ama lunga kabur. 


Becik maca serat Candrarini, 

Pujangga kedhaton, 

Wiwit timur nganti tuwa gedhe, 

Ngerti unggah ungguh tata krami,

Pakarti pekerti, 

Kuneng kayat kayun.


Kayungyun mring kehing barang bening, 

Tinon kinclong kinclong, 

padhang sumandhang sendhen sumendhe, 

Pepundhen ingkang pinundhi pundhi,

Pandam pandom dadi, 

Dumadine pandum.


8.

Asmarandana


Blitar Trenggalek Kediri, 

Pabrik tahu sami yasa, 

Dhele bahan kanggo tempe, 

Sumebar ing ngendi pasar, 

Keklumpuk prabeya dana, 

Wulangane Ratu Beruk, 

Tumrape warga bang wetan. 


Kawula kraton Mentawis, 

Dhahar enak ngaso jenak,

Priyayi gesang mentereng, 

Megah mewah gagah indah, 

Tumpuk barang turah bandha, 

Olah seni lesung lumbung, 

Kepranan marang kagunan. 


Amangkurat Tegalwangi, 

Ambangun kecap Grobogan, 

Misuwur enak rasane, 

Kaloka manca nagara,

Nambahi bandha Mataram, 

Nulad Kanjeng Ratu Beruk, 

Kinen buka tegal sawah. 


Wiji semi pereng giri, 

Kopi teh bahan minuman, 

Jajar jejer gandheng renteng, 

Penggalih Ratu Kencana, 

Memetri tanduran pangan, 

Murih cakap cekap cukup, 

Warata wong saknegara.


Andhap asor welas asih, 

Marang sesamaning gesang,

Kempal wetah datan geseh,

Keseser olah kridhaning manah, 

Nguliring budi pangarah,

Kapernah telenging kalbu, 

Ibu bapak cepak penak. 


Sidoarjo tlatah pabrik, 

Seng perunggu wesi waja, 

Dhadhung kawat tali rante, 

Surabaya Pasuruan, 

Lumajang Gresik Lamongan, 

Sampun pirsa Ratu Beruk, 

Situbondo Prabalingga. 


9.

Pangkur


Kepranan tlatah bang wetan, 

Tegal sawah njalari sugih luwih, 

Turah mbruwah bandha bandhu, 

Kanjeng Ratu Kencana, 

Sung tetulung kulak kalang kaling kalung, 

Kaliling lumantar sabda, 

Mangka garwa prameswari. 


Ngumandhang karang padesan, 

Kakung putri sami anambut kardi,

Mangungkung suwara lesung, 

Alu tumiba lumpang, 

Amisungsung pari jagung jero lumbung, 

Rumeksa anyimpen boga, 

Tan sumelang tan kuwatir. 


Kedhele wadhah karungan, 

Pabrik kecap wilayah Purwodadi, 

Angsal saking Ngawi Nganjuk, 

Kediri Panaraga, 

Sami purun abdi dalem ing Madiun, 

Keceh dinar arta daya, 

Sinengkuyung prameswari. 


Papan tanam palawija, 

Sawah tegal baon banyune mili, 

Wulang wuruk Ratu Beruk, 

Tambak bendung bengawan, 

Kehing wadhuk binangun telaga mathuk, 

Wiji thukul butuh toya, 

Tandur subur makmur semi. 


Tegal amba sawah jembar, 

Panguripan petani tanah Jawi, 

Tuladha Jeng Ratu Beruk, 

Ngon ingon raja kaya,

Ngingu marmut kelinci trowelu kemput,

Bebek mentho banyak ayam, 

Kebo wedhus kuda sapi. 


Urut nyabrang kali Brantas, 

Jenak penak baita den tumpangi, 

Malang Blitar Tulungagung, 

Trenggalek Kertasana,

Jombang Kriyan Mojokerto wus kadulu, 

Ratu Beruk niti priksa, 

Among dagang juru tani. 


10.

Megatruh


Kanjeng Ratu Kencana Bang Wetan Beruk, 

Cerak raket kadang tani, 

Binangun piranti bakul, 

Dina pasaran Pon legi, 

Saben Wage Paing Kliwon. 


Sagah saguh ngadhepi baya pakewuh, 

Dumugi mangsa paceklik, 

Wigatine mbangun lumbung, 

Isi tela jagung pari, 

Simpen gaplek thiwul gathot. 


Kagem lawuh bumbu kecap tambah imbuh, 

Dhaharan sangsaya gurih, 

Gothak gathuk celak celuk, 

Ratu Beruk amirsani, 

Gawe kuncaraning kraton. 


Pari jagung tanduran ketela puhung, 

Ratu Beruk baut tani, 

Gejig icir tanem tuwuh, 

Mangka pangarsa negari, 

Sebar gancar tuku adol. 


Krakal garu lumaku anuting luku, 

Macul cemplong klacen dhangir,

Dhaut arak matun tandur, 

Wayah panen ani ani, 

Pinuji adat kedhaton. 


Gandheng wanuh renteng renteng manah luruh, 

Tembung manis cara aris, 

Tata krama sopan santun, 

Gemi nastiti taliti, 

Alon alon waton klakon. 


Kacang ijo wohing kedhele pinunjul,

Kediri Madiun Ngawi, 

Ponorogo Jombang Nganjuk, 

Palawija unggul ugi, 

Suka rena Ratu Katong. 


11.

Durma


Madhep mantep sregep antep genep genah, 

Wiraganing pawestri, 

Wiwit bangun enjang, 

Tatanan bale wisma, 

Mersudi rampunge pakarti, 

Jangka sembada, 

Ratu Beruk winasis. 


Gita gita cekat ceket nambut karya, 

Wanci datan peduli, 

Apa dene kutha, 

Gunung desa ngadesa,

Sabarang gaweyan mrantasi, 

Ratu Kencana, 

Asung tepa palupi. 


Raja Alaungpaya negeri Siyam,

Paku Buwana ping tri,

Ajar palawija, 

Tanem tuwuh bang wetan, 

Kacang kedhele jagung pari, 

Ratu Kencana, 

Sawega kadang tani. 


Pabrik kecap Grobogan sigra kinucap, 

Rasane manis gurih, 

Kondhang dugi manca, 

Ratu Beruk Kencana, 

Dhawuh elah nangkodha aglis, 

Kirim negara, 

Siyam Hindustan Mesir. 


Pertanian Peternakan perkebunan, 

Kerajaan Mentawis, 

Tegal baon sawah, 

Gumelar dawa jembar, 

Dedagangan pasaran tani, 

Gregah lumampah, 

Genah jangkeping urip. 


Lumbung nyata papan kanggo ngreksa boga, 

Sumimpen jagung pari, 

Minangka cecadhang, 

Kala mangsane kurang, 

Upama mangsane paceklik, 

Tansah siyaga, 

Tata titi ing gati. 


Bakni hagni siking geni guna kaya, 

Murub kayangan api,

Suminar dumilah, 

Tekad mangalat alat, 

Ratu Beruk Sunan kaping tri, 

Putri bang wetan, 

Tuladha para tani.


Ratu Sentul putri raja Surakarta, 

Paku Buwana ping tri,

Beruk ibunira,

Garwa Prabuwijaya, 

Trah Mangkunegara Mas Said, 

Tepa tuladha, 

Tumrap wanita Jawi.



BABAD AMANGKURAT III KEDIRI


1.

Dhandhanggula


Amangkurat Sunan Mas Kediri, 

Narendra Mataram Kartasura, 

Sepi pamrih rame gawe, 

Santun guyub rukun, 

Welas asih kawula dasih, 

Miraga tur micara, 

Mirasa misuwur, 

Muna muni solah bawa, 

Merak ati karya sengseme sesami, 

Tata krama prasaja. 


2.

Pangkur


Amangkurat Mas kaloka, 

Asal usul saking kraton Kediri, 

Daha Jenggala leluhur, 

Majapahit Koripan,

Medhang Arum Demak Pajang sadarum, 

Cirebon Banten Pasundan, 

Tedhak turun Singasari. 


3.

Asmarandana


Leluhur Mangkurat Kediri, 

Hayamwuruk Brawijaya, 

Majapahit kedhatone,

Tohjoyo Kertanegara, 

Singosari kalokengrat, 

Raja Darmawangsa Teguh, 

Airlangga Kahuripan.


4.

Megatruh


Wulang wuruk dadi dhasar tindak tanduk, 

Amangkurat Mas Kediri, 

Empu Sedah lan Panuluh,

Kameswara Raden Panji, 

Jangka Jayabaya maos. 


5.

Durma


Empu Kanwa yasa Arjuna Wiwaha,

Empu Tantular nganggit,

Kitab Sutasoma, 

Negara Kertagama,

Prapanca Empu Majapahit, 

Ujar kawedhar, 

Amangkurat Kediri. 


6.

Sinom


Wali Sanga Tanah Jawa, 

Molana Malik Ibrahim, 

Sunan Ampel Sunan Bonang, 

Sunan Drajad Sunan Giri, 

Lan Sunan Gunung Jati, 

Sunan Murya Sunan Kudus, 

Jeng Sunan Kalijaga,

Ndherek Mangkurat Kediri, 

Ngestu pada Mataram manggih yuwana. 


7.

Gambuh


Amangkurat manekung, 

Tapa brata aneng puncak gunung,

Gunung ijen gunung Raung gunung Wilis, 

Gunung Dhiyeng Gunung Lawu, 

Gunung Cerme gunung Klothok. 


8.

Pucung


Luru ilmu Amangkurat gya meguru, 

Ing negri Eropa, 

Bagdad Turki Arab Mesir, 

Nepal China Ngerum Hindustan Srilangka.


9.

Mijil


Amangkurat Tri sambung negeri, 

Tamasek ing Johor, 

Deli Serdang Langkat Siak Pase, 

Ternate Tidore Buton Bugis, 

Banjar Bima Bali, 

Riau Melayu. 


10.

Maskumambang


Amangkurat maca Raja Ali Haji, 

Hamzah Pansuri Sumatra, 

Hang Tuah pangarsi,

Hikayat tanah Malaya. 


11.

Kinanthi


Turun rembesing madu, 

Amangkurat Mas Kediri, 

Wijining amara tapa, 

Tedhaking andana warih, 

Trahing kusuma sudibya,

Setono Gedhong nekseni.


BABAD AMANGKURAT KEDIRI


1.

Sinom


Amangkurat Mas Jenggala, 

Jejuluk Mangkurat Katri, 

Amangkurat Kartasura, 

Mbahu dhendha nyakrawati, 

Amangkurat Mas Kediri, 

Waskitha kuncara arum, 

Budi bawa laksana, 

Paramarta ambeg adil, 

Ing Mataram narendra gung sung pangeram.


2.

Pangkur


Kang ibu Candrakirana, 

Purbanagara adipati Kediri, 

Paring catur warah luhur, 

Amangkurat winedhar, 

Ngelmu laku bahu suku lan panemu, 

Sangu ngereh tata praja, 

Mangka narendra Mentawis. 


3.

Mijil


Mejang adipati Surabangi, 

Ing Penanggungan lor, 

Daha Jenggala tedhak turune, 

Medhang Kahuripan Singasari, 

Kraton Majapahit, 

Mangkurat mituhu. 


4.

Kinanthi


Candrakirana rahayu, 

Garwa agung prameswari, 

Sunan Amangkurat Amral, 

Putri Bupati Kediri,

Peputra Mangkurat Daha, 

Widada suka lestari. 


5.

Pucung


Wus andulu baraya rembesing madu, 

Amangkurat Daha, 

Trah kusuma ing Kediri, 

Sung tuladha jalma limpat marcapada.



AMANGKURAT SENTONO GEDHONG


1.

Dhandhanggula


Kanjeng Purbonegoro Dipati, 

Peputra Ratu Candrakirana, 

Lenggah siniwaka jejer, 

Mangka garwa Sinuwun, 

Amangkurat ing Surabangi, 

Atma Gusti Sutikna, 

Nglintir prabon luhur, 

Sunan Amangkurat Emas, 

Ing Kediri Sentono Gedhong lestari, 

Tedhak Daha Jenggala. 


2.

Mijil 

Sunan Amangkurat Mas Kediri, 

Kuncara sang katong, 

Kagungan karaton gedhe rame, 

Kartasura Mataram pinilih, 

Kinasih ing dasih, 

Agrom angrembuyung. 


3.

Kinanthi


Raja trahing ratu agung, 

Amangkurat Mas Kediri, 

Jayabaya wicaksana, 

Waskitha alusing budi, 

Kameswara bagus warna, 

Tedhak turun Raden Panji. 


4.

Pangkur


Kanjeng Sunan Amangkurat, 

Ingkang katri Sentono Gedhong peni, 

Tapa brata gunung Kelud, 

Ngeli ing kali Brantas, 

Wilis Lawu Kendheng Merbabu  Semeru, 

Jenggala Daha Koripan,

Majapahit Singasari. 


5.

Gambuh


Raden Sutikna dhaup, 

Wus angaup Lembah Manah guyub, 

Amangkurat Sentono Gedhong Kediri, 

Ratu Kencana misungsung, 

Kasekten ing gunung Klothok.


6.

Pucung


Papanipun Raden  Panji Marabangun, 

Putra ing Jenggala, 

Kertapati Sekartaji, 

Wus anulat lekase Sri Amangkurat. 


7.

Megatruh


Sung sesuluh Empu Sedah lan Panuluh,

Pujangga kraton Kediri, 

Waosan tumraping ratu,

Sangu teranging pengalih, 

Amangkurat Mas Kediri. 


8.

Asmarandana


Sentono Gedhong Kediri, 

Dadya papan pajimatan, 

Amangkurat Mas pepundhen, 

Narendra gung ing Mataram, 

Kartasura Surakarta, 

Nak tumanak run tumurun, 

Saindhenging tanah Jawa.


RATU MAS CANDRAKIRANA KEDIRI


1.

Dhandhanggula


Winursita Kanjeng Ratu Bangsri, 

Asma timur jeng Siti  Rubingah, 

Parab Raden Ajeng Jene,

Lembah Manah kang ibu, 

Garwa Amangkurat Kediri, 

Mataram Kartasura, 

Wanita pinunjul, 

Garwa Bupati Lamongan, 

Adipati Purbaya dhawuh marsudi, 

Keputren tata praja. 


Lembah Manah Ratu Banyumanik, 

Atma Pangeran Puger Semarang, 

Trah kusuma luhur gedhe, 

Ratu Blitar Madiun, 

Ratu Bangsri ndherek sumiwi, 

Duk Mangkurat tri seda,

Ingkang ibu surut, 

Momong Ratu Mas Balitar, 

Sung Wewarah Siti Rubingah winardi, 

Sekaring dhatulaya. 


2.

Mijil


Palakrama Kanjeng Ratu Bangsri, 

Adipati Lamong, 

Pangeran Purbaya Pesisir Ler, 

Bandar Tanjungperak minyak bumi, 

Garam kecap trasi, 

Dugi Tegalarum. 


Kersa dalem Amangkurat Jawi, 

Putra pati miyos, 

Kanjeng Prabasuyasa lir rante, 

Ratu Mas Lamongan nyaranani,

Paku Buwana dwi, 

Prameswari Ratu. 


3.

Kinanthi


Ratu Bangsri amituhu, 

Leluhur tlatah Kediri, 

Bupati Purbanegara, 

Candrakirana kang putri, 

Garwa Amangkurat Amral, 

Raden Sutikno sesiwi.


Ratu Lembah Manah dhaup,

Kondhang Ratu Banyumanik, 

Garwa Amangkurat Emas, 

Apeputra Ratu Bangsri, 

Garwa Pangeran Purbaya, 

Ratu Mas Sinuwun ping dwi. 


4.

Gambuh


Suka sukur mring leluhur, 

Ratu Bangsri midhanget ing atur, 

Jayabaya narendra gung ing Kediri, 

Waskitha sabarang kawruh, 

Dadya pandam pandum pandom. 


Jroning kakawin kidung,

Kraton Daha Jenggala Panjalu, 

Kahuripan Singosari  Majapahit, 

Demak Pajang lan Mentarum,

Ratu Bangsri purun maos. 


5.

Maskumambang


Ratu Bangsri tedhak turune Kediri, 

Setono Gedhong kinucap, 

Tedhak turun adipati, 

Sarjana ulama Brantas. 


Sekartaji Candrakirana Kediri, 

Tulungagung Nganjuk Blitar, 

Trenggalek wiji sejati, 

Kuwat drajat pangkat semat. 


6.

Pucung


Waris kawruh Empu Sedah lan Panuluh,

Tantular Prapanca, 

Empu Kanwa Siwamurti, 

Trang terwaca Ratu Bangsri kersa maca. 


Para Empu tanah Jawa nyawur ngelmu, 

Pujangga Darmaja, 

Kameswara peling angling, 

Anut sabda Ratu Bangsri mrih yuwana. 


7.

Pangkur


Trahing Kraton Kahuripan, 

Singasari Jenggala ing Kediri, 

Majapahit lan Panjalu, 

Demak Pajang Mataram, 

Pra leluhur tanah Jawi wus misuwur, 

Ratu Bangsri bakti darma, 

Garwa Bupati Lamongan. 


8.

Sinom


Sumungkem Siti Rubingah,

Kawentar Jeng Ratu Bangsri, 

Garwa Pangeran Purbaya, 

Pangarsa tlatah pesisir, 

Atma Mangkurat katri, 

Tedhak turun para ratu,

Ngejayeng tanah Jawa, 

Run tumurun nak tumanak,

Rajadibya ambeg adil paramarta. 


Jayabaya Kameswara, 

Narendra kraton Kediri, 

Leluhur Mangkurat Emas, 

Kanjeng Ratu Ayu Bangsri, 

Jenggala Singasari, 

Kali Brantas gunung Kelud, 

Ratu Candrakirana, 

Purbanegara Dipati, 

Trah kusuma mbabar yuwana raharja. 


9.

Megatruh


Tanggon tangguh tekad wutuh budi ampuh, 

Kanjeng Ratu Ayu Bangsri, 

Nalar ginambar ginayuh, 

Permana laku pertitis, 

Kabeh panjangkah kelakon. 


Gunung Kelud kali Brantas sami lulut, 

Dhateng Kanjeng Ratu Bangsri, 

Anak yatim sung pitulung, 

Pangeran Purbaya Bupati, 

Kapanjing wahyu kedhaton. 


10.

Asmarandana


Amangkurat ing Kediri, 

Katelah Mangkurat Tiga, 

Tulungagung Blitar lan Trenggalek, 

Bupati Purbanegara, 

Ngembang Candrakirana, 

Amangkurat Amral Ratu, 

Ratu Bangsri ingembanan. 


Pesisir ler tanah Jawi, 

Kuneng Bupati Lamongan, 

Ratu Bangsri sigrak rame, 

Nggulawenthah ingkang putra, 

Garwa narendra Mataram, 

Suwita Sinuwun Kombul,

Kartasura Surakarta.


11.

Durma


Palakrami jeng Purbaya ing Lamongan, 

Kaliyan Ratu Bangsri, 

Putri Amangkurat, 

Kartasura Diningrat, 

Darahe Karaton Kediri, 

Siwi Ratu Mas, 

Paku Buwana ping dwi. 


Pasok bulu bekti caos bandha arta, 

Hadeg jejeging nagri, 

Mbangun kutha praja, 

Kedhaton Surakarta, 

Ratu Bangsri tansah nyembadani, 

Wragat prabeya,

Tatag tutug lestari. 



RATU KENCANA BANYUMANIK


1.

Sinom


Garwa Sunan Amangkurat, 

Kartasura ingkang katri, 

Pangeran Puger atmaja, 

Lembah Manah Banyumanik, 

Dhasar putri lunuwih, 

Ratu Balitar Madiun, 

Tedhak Rangga Jumena,

Pangeran Timur Dipati, 

Trah Bintara Trenggana Patah kasusra. 


2.

Mijil


Sindureja Patih alinuwih, 

Mulang muruk momong, 

Lembah Manah cerdhas tangkas moncer, 

Tata praja wawasan negari, 

Santana prajurit, 

Kawruh punjul unggul. 


3.

Kinanthi


Ndherek Bupati Madiun, 

Lembah Manah amarsudi, 

Anenandur palawija, 

Bumbu pawon pedhes asin, 

Kehing ramban janganan,

Sega pecel kembang turi. 


4.

Asmarandana


Ngupakara emas picis, 

Lembah Manah ing Banyumas, 

Lenggah Kedhaton Pamase,

Ajibarang Pancurendhang, 

Cilacap Wangon Majenang, 

Gandrung Mangun Bumiayu, 

Ratu Serayu Mangkurat. 


5.

Pangkur


Suwita trahing Kajoran, 

Pereng gunung Sindara Diyang Sumbing, 

Sakukuban tlatah Kedu, 

Wonosobo tumerah,

Telamaya gunung Merapi Merbabu, 

Rawapening Kali Praga, 

Lembah Manah ajar warih.


6.

Dhandhanggula


Lembah Manah Ratu Prameswari, 

Kanjeng Gusti Raden Mas Sutikna, 

Kadang nak sanak pernahe,

Jumeneng Jeng Sinuwun, 

Amangkurat ingkang kaping tri,

Jejuluk Ratu Kencana, 

Kawan warsa surud,

Akarya nawung duhkita, 

Sri narpati Mataram manjing suwargi,

Sumare Kediri Daha. 


7.

Gambuh


Patutan putri ayu, 

Lembah Manah Mangkurat rahayu, 

Pinaringan nami Kanjeng Ratu Bangsri, 

Siti Rubingah ginarwa, 

Adipati saking Lamong. 


8.

Pucung


Sunan Paku Buwana amomong putu, 

Putri Lembah Manah, 

Asma Raden Ajeng Bangsri,

Ratu Blitar eyang putri wus kawentar. 


9.

Durma


Lembah Manah sinebut Ratu Kencana, 

Wiyose Banyumanik, 

Wilayah Semarang, 

Pangeran Puger wisma, 

Ratu Blitar nyembadani, 

Paring wewarah, 

Garwa Mangkurat ping tri. 


10.

Megatruh


Sore esuk Lembah Manah nampi wuruk, 

Paku Buwana ping siji, 

Ratu Balitar Madiun, 

Jejering garwa narpati, 

Babagan sekar kedhaton. 


11.

Maskumambang


Ratu Blitar momong Kanjeng Ratu Bangsri, 

Anama Siti Rubingah, 

Garwa Pubaya Bupati, 

Asiwi Kanjeng Ratu Mas.


AMANGKURAT JENGGALA MANIK


1.

Kinanthi


Marsudi kitab leluhur, 

Pawiyatan Hadiluwih, 

Maos babad Ajisaka,

Koripan Jenggala Manik, 

Mangkurat Ratu Kencana, 

Paring sabak dluwang tulis. 


2.

Gambuh


Anut ilining banyu, 

Tuking Brantas ing gunung Semeru, 

Empu Bradah duta Jenggala Kediri, 

Mangkurat kersa ambangun, 

Trah kusuma praba kinclong. 


3.

Pangkur


Amangkurat Mas Jenggala, 

Amemetri wejangan Kilisuci, 

Mapan pereng gunung Kelud, 

Erlangga Empu Kanwa,

Triguna wruh Manoguna weh pituduh,

Prapanca Empu Tantular, 

Singasari Majapahit.


4.

Mijil


Amangkurat Mas Jenggala sura sakti, 

Manjing wahyu dhaton,

Sabar darana sareh pikoleh, 

Bagus aris kehing wulang wuruk wasis,

Sugih welas asih, 

Sumeh sopan santun. 


5.

Asmarandana


Mangkurat lan prameswari, 

Suka ngungak sampun tedhak, 

Mrican Kertasana Pare, 

Petilasan Brawijaya, 

Mahprabu Kertanegara, 

Jayakatwang Hayamwuruk, 

Tulungagung Jombang Blitar. 


6.

Pucung


Amangkurat Mas Jenggala kalokengrat, 

Trahing Kahuripan, 

Majapahit Singasari, 

Daha Pajang Demak Medhang sung pepadhang. 


7.

Maskumambang


Raja agung binathara nyakrawati, 

Amangkurat ing Jenggala, 

Kinarya tepa palupi, 

Sagunging kawula Jawa. 



Purwadi, 

Universitas Negeri Yogyakarta

Share:
Komentar

Berita Terkini