Selasa, 03 Maret 2026
Marhaban ya Ramadhan

Serat Dewaruci Yasan Yasadipura

Nas - Senin, 02 Maret 2026 16:13 WIB
Serat Dewaruci Yasan Yasadipura
Ist

Serat Dewaruci Yasan Yasadipura

Purwadi,
Ketua Lokantara

HP 087864404347

A. Pujangga Yasadipura

Kyai Yasadipura saestu pujangga trahing ngaluhur. Nalika timur paring asma Jenal Ngalim, Bagus Banjar, Bagus Songgom, Jaka Subuh. Miyos dinten Jumah Pahing, wulan Sapar tahun 1729. Ingkang rama asma Kanjeng Raden Tumenggung Padmonagoro, ngasta Bupati Pekalongan tahun 1726 – 1741.

KRT Padmonagoro abdi kinasih Kanjeng Sinuwun Paku Buwana II ing Karaton Mataram Kartasura. Kyai Yasadipura pancen trahing kusuma rembesing madu, wijiling atapa, tedhaking andana warih. Paripurna ngayahi jejibahan ing kadipaten Pekalongan, temah kadhawuhan mandhegani Kabupaten Pengging. Trah tumerah bumi Perdikan Pengging minangka tuk sumbering kabudayan, mekaring kasusastran. Mila perlu kawuningan sejarah lami Pengging jaman kina.

Rumiyin Kraton Pengging dipun pandhegani dening Sinuwun Prabu Kusuma Wicitra wiwit tahun 423 Saka. Garwa prameswari nata ing Pengging wonten kalih, inggih menika Dewi Soma lan Daruni. Kalih-kalihipun gesang guyub rukun, samad sinamadan, tebih saking tukar padu. Dewi Soma putranipun Prabu Jayakusuma narendra ing Matahun. Dewi Daruni putranipun Ajar Kapyara, Adipati ing Banyuwangi.

Sinuwun Prabu Kusuma Wicitra peputra gangsal. Patutan kaliyan Dewi Soma miyos Raden Citrasoma lan Raden Citrasena. Saklajengipun Raden Citrasoma jumeneng nata ing Pengging. Dene Raden Citrasena jumeneng nata ing tlatah Banten.

Patutan kaliyan Dewi Daruni miyos Raden Citrakusuma, Dewi Citrawati, Citrawirya. Raden Citrakusuma krama kaliyan Jonggrang Rengganis, putri saking Prambanan. Dewi Citrawati kagarwa dening Prabu Sasrabahu ing negari Maespati. Raden Citrawirya kapundhut putra mantu dening Prabu Gandakusuma ing negara Magada.

Nalika wulan Sura tahun 435 Saka Prabu Citrasoma ngadani tata cara sesaji Giri Pawaka. Ancasing upacara murih basuki lestari sadhengah warga karaton Pengging. Mligi ingkang mapan ing wetan Merapi, sami kalis saking rubedaning lahar. Tata cara sesaji Giri Pawaka katindakan ing dhusun Drajidan Musuk, sukunipun Gunung Bibi. Warga pereng Merapi Merbabu sami sengkut gumregut. Salikam salikem kehing sengkala padha mingkem.

Prabu Citrasoma anggarwa Dewi Sriyati, putrinipun Resi Sidik Wacana saking pertapan Wukir Merbabu. Peputra sekawan, inggih punika Raden Pancadnyana, Prabu Pancadriya, Dewi Pancawati, Raden Selandara. Raden Pancadnyana krama angsal Dewi Laksmita, lajeng dados raja pandhita nama Resi Pancadnyana. Dewi Pancawati krama angsal Raden Sukarsa, patih negari Pengging. Raden Selandana palakrama kaliyan Dewi Ratih Sumyar, putri Patih negari Malapati.

Wondene Prabu Pancadriya anglintir keprabon Pengging tahun 471 Saka. Sang nata anggarwa Dewi Gandawati, putranipun Prabu Jaya Amisesa ing negeri Mamenang. Peputra cacah sekawan, inggih punika Raden Prawa, Raden Saputra, Raden Sucitra, Raden Suwarna.

Raden Prawa apeparab Begawan Arya Akandriya, dados raja pandhita ing Pertapan Madya Panjang. Sang Resi ugi kasebat Begawan Dewabrata. Raden Sucitra nama Arya Darmandriya ing Salembi. Ugi nama Prabu Darmakusuma Nata ing Salembi ugi jejuluk Prabu Dipanata. Raden Suwarna nama Arya Sumandriya ing negari Sudimara. Lajeng ajejuluk Prabu Mandrakusuma utawi Prabu Hendranata.

Prabu Pancadriya surud ing kasedan jati tahun 503 Saka. Raden Saputra anglenggahi dhampar kencana ing Kraton Pengging. Jejuluk Prabu Anglingdriya, Prabu Dewakusuma, Prabu Dewanata. Garwa prameswari asma Dewi Somani, putrinipun Resi Pancadnyana. Putra-putrinipun inggih punika Dewi Rarasati, Prabu Suwelacala, Pandayanata.

Dewi Somani palakrama kaliyan Raden Damarmaya, narendra ing negari Salembi. Prabu Suwelacala jumeneng nata ing negari Medang Kamulan. Dene Raden Pandayanata nggentosi ingkang rama jumeneng nata ing negari Pengging kanthi jejuluk Prabu Angling Pandaya utawi Prabu Pandaya Kusuma. Angasta pusaraning praja ing Pengging tahun 536 Saka.

Kraton Pengging jeneng negari kang gedhe obore, padhang jagade, dhuwur kukuse, adoh kuncarane, ampuh kaprebawane. Bebasan kang celak manglung, kang tebih mentiyung. Sami pasok glondhong pengareng -areng, peni-peni raja peni, guru bakal guru dadi, emas picis raja brana.

Sedaya kayungyun dening pepoyaning kautaman. Nata ing Pengging sayekti narendra gung binathara, mbahu dhendha nyakrawati, ambeg adil paramarta. Kasebutna para ratu ing Pengging.

1. Prabu Kusuma Wicitra 423 – 435,
2. Prabu Citrasoma 435 – 471,
3. Prabu Pancadriya 471 – 503,
4. Prabu Anglingdriya 503 – 536,
5. Prabu Pandaya Kusuma 536 – 582,
6. Prabu Citra Kalingga 582 – 617

Tlatah Pengging ingkang dados papan reriptan moncer terang. Kyai Yasadipura paring wulangan, wejangan, wedharan lumantar sastra edi peni. Kadosta Serat Dewaruci, Serat Menak, Serat Rama, Serat Bratayuda, Serat Sasana Sunu. Basa ingkang rinipta cetha, runtut, patut, genep, genah, jangkep miturut jangkaning jaman.

B. Reriptan Kyai Yasadipura

1. Serat Dewaruci

Dhandhanggula

Dhedhep tidhem prabawaning ratri,
sasadara wus manjer kawuryan,
tan kuciwa memanise,
menggep srinateng dalu,
siniwaka sanggyaning dasih,
aglar neng cakra wala,
winulat ngelangut,
prandene kabeh kebekan,
saking kehing taranggana kang sumiwi,
warata tanpa sela.

Kinalangan kekuwung awengi,
lir wewengkon bale mandhakiya,
pasewakaning pamase,
jroning kalang kadulu,
kang sumewa marek neng ngarsi,
mung punggawa sajuga,
karya panjer surup,
pra mukyaning taranggana,
kang sawega rumeksa pringganing ratri,
ngayomi ayuning rad.

Tan petungan panjrah ing wadya lit,
arahane mawor mawurahan,
ngapit narmada prenahe,
jro petenging sarayu,
angragancang Sang Bimasekti,
nyuwak tutuking naga,
kang sikareng laku,
yeku mangka pralampita,
mrih mengeta kang mantep teteping budi,
widada kang sinedya.

Badan jaba wujud kita iki,
badan jêro munggwing jroning kaca,
Nanging dudu pangilone,
pangilon jroning kalbu,
yèku wujud kita pribadi,
cumithak jro panyipta,
ngêrêmkên pandulu,
luwih gêdhe barkahira,
lamun janma wus gambuh lan badan batin,
sasat srira bathara.

2. Serat Rama

Kinanthi

Nalikane rohing dalu,
Wong agung mangsah semedi,
Sirep kang bala wanara,
Sedaya wus sami guling,
Nadyan ari sudarsana,
Wus dangu nggenira guling.

Kukusing dupa kumelun,
Ngeningken tyas sang apekik,
Kang kawengku sagung jajahan,
Nanging sanget angikibi,
Sang Resi Kanekaputra,
Kang anjok saking wiyati.

Teka ndadak melu-melu,
Kaya budine wong ceplik,
Lali lamun kalokengrat,
Tri bawana amurwani,
Mustikaning jagad raya,
Dhemen lalen sangga runggi

3. Serat Bratayuda

Gambuh

Enjing bidhal gumuruh,
Tambur suling gung maguru ngungkung, Binarunging krapyak myang watang agathik,
Kang kapyarsa swaranipun ,
Lir ombaking samodra rob.

4. Serat Sasana Sunu

Sinom

Sepele amung kinarya,
bebengkrahan suka ati,
tan timbang durakanya,
wus pasthi wong nginum awis,
yen awon endhem iki,
mring badan nora pikantuk,
batine lunjak-lunjak,
kaduga angepel bumi,
ing weweka suba sitane wis ilang.

Yen becik deme wong ika,
ngalumpruk badanireki,
ginggang madhepe mring suksma,
bawur tyase dadya lali,
paran margining becik,
wong lali marang Hyang Agung,
amedhotake ngamal,
tuna ora oleh bathi,
siya siya nganiaya badanira.

Pujangga Yasadipura nate suwita maguru ing Kajoran Magelang. Gurune asma Kyai Honggomoyo. Tumuli meguru menyang Kyai Kalipah Caripo ing Tegal, kang ngreksa Pajimatan Kanjeng Sinuwun Amangkurat Agung.

Serat Dewaruci ngemot ngelmu sangkan paraning dumadi. Saperangan ngrembah tata panembah jati. Ugi pratelan manunggaling kawula gusti. Jumbuh ingkang ginayuh.


Senin Pon, 2 Maret 2026.
Purwadi

SHARE:
 
Tags
 
Berita Terkait
 
Komentar