MUDIK LEBARAN GAGRAG PURA MANGKUNEGARAN

Share:

 

Kelg Purwadi.ist



GARDA.ID  | MUDIK LEBARAN GAGRAG PURA

MANGKUNEGARAN


Purwadi

Ketua LOKANTARA 

Hp 087864404347


A. Riyaya Idul Fitri


Rikala 24 April 1854 Sri Mangkunegara IV ngadani pahargyan lebaran Idul Fitri. Mapan ing pamedan pangarsa Mangkunegaran kersa nimbali seniman saking Karanganyar, Wonogiri, Ngawen lan Pacitan. Gelar seni edi peni budaya adi luhung. 


Idul Fitri mawi rerenggan seni. Kados maos sastra piwulang kina. Kasusastran gagrak Mangkunegaran tumangkar ngrembaka. Ngemot wulang wuruk ingkang jumbuh kaliyan owah gingsiring jaman. Ing pangangkah bebrayan saged langkung tumata. 


Waranggana nyekar macapat cengkon palaran. Isinipun jumbuh kalian lebaran idul fitri. 

Bebukaning serat Wedhatama yasan Sri Mangkunegara IV mawi sekar pangkur. Ing pangajab wewarah kalawau dados seserepan kagem nggulawenthah putra wayah.


 Pangkur. 


Mingkar mingkuring angkara,

Akarana karenan mardi siwi,

Sinawung resmining kidung.

Sinuba sinukarta,

Mrih ketarta pakartining ngelmu luhung, 

Kang tumrap ing tanah Jawa,

Agama ageming aji.


Jinejer neng Wedhatama, 

Mrih tan kemba kembenganing pambudi, 

Mangka nadyan tuwa pikun, 

Yen tan mikani rasa,

Yekti sepi asepa lir sepah samun,

Samangsane pasamuan,

Gonyak ganyuk nglilingsemi.


Wiyaga saking Matesih nyekar pethikan serat wedhatama. Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunegara IV miyos rikala dinten Ahad tanggal 8 Sapar, tahun Jimakir, Windu Sancaka 1738 utawi 3 Maret 1811. Asma timur kanthi sesebatan Raden Mas Sudira.


Duk nalika dinten Sabtu Pahing, tanggal 20 Rejeb, tahun Dal 1759 utawi 1833, Raden Mas Sudira nambut silahing akrami. Pikantuk kaliyan Bandara Raden Ajeng Dhunuk. Sarampunging palakrama, Raden Mas Sudira lajeng kaganjar nami Raden Mas Arya Gandakusuma.


Wondene Raden Mas Sudira piyambak kapernah wayah buyut Kanjeng Sinuwun Paku Buwana III, ingkang jumeneng ing karaton Surakarta Hadiningrat tahun 1749 – 1788. 


Wiwit tanggal 24 Maret 1853 Raden Mas Sudira utawi Raden Mas Arya Gandakusuma winisuda anglenggahi dhampar kencana, kanthi asma Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunegara IV. Ngasta pusaraning praja yuswa 42 tahun. Anglintir keprabon Sri Mangkunegara III ingkang sampun surud ing kasidan jati. Adipati Mangkunegara IV tansah angengeti labuh labet ingkang sampun kaparingaken dening Kanjeng Panembahan Senapati, narendra gung binathara ing negari Metaram taun 1575 - 1601.


Sinom


Nulada laku utama,

Tumrape wong Tanah Jawi,

Wong agung ing Ngeksiganda,

Panembahan Senapati,

Kepati amarsudi,

Sudane hawa lan nepsu,

Pinesu tapa brata,

Tanapi ing siyang ratri,

Amamangun karyenak tyasing sasama. 


Jumeneng ing pura Mangkunegaran mawi sangu ingkang pepak. Kanjeng Adipati Mangkunegara IV kawentar kebak ngelmu sipating kawruh. Rinten dalu mersudi unggah ungguhing basa, kasar alusing rasa, jugar genturing tapa. Wejangan luhur Pangeran Sambernyawa utawi Sri Mangkunegara I arupi tri darma:


rumangsa melu handarbeni, rumangsa wajib hangrungkebi, 

mulat sarira angrasa wani.


Nyambet wedharan kautaman kala wau, Sri Mangkunegara IV lajeng mawas dhiri. Panjenganipun anggraita kanthi pangandikan ingkang mentes, luwes, gandhes, dhemes.


Panguwasa iku sinambung tembung kang tansah gumunggung ana gunung. Tan sinelak panguwasa iku uga nugraha. Hamung cak-cakan kang kapacak, gumantung pakarti budi kang kapiji.


Yen ta panguwasa iku dadi panguripan, yekti lumebune mring angkara, andel rosa lan sora.


 Nanging yen ta dadi kahuripan, yekti lumebune mring darma, andel rasa lan rumangsa.


 Samengko keh-kehe yen wus kuwasa, kalimput lali, tan lila kelangan kalungguhan.


Hamung yen wus gaduk ing rasa, candhak ing tata, aja wedi nampi panguwasa.


Anggenipun mranata Kadipaten Mangkunegaran tansah anglenggahi paugeran. Mila tahun 1854 Sri Mangkunegara IV netepaken layang paugeran.


Sarupaning wong kang ngarah kalungguhan, dadia ngabehi, demang, utawa rangga apadene bekel ing mengko ora kalilan yen nganggo sarana dhuwit, utawa barang liyane kang ana pangajine.


Amung kasangkanana lumebu dadi abdi dalem prajurit utawa liyane, ana dene yen kelakon, oleh kalungguhan, ora kalilan yen anjaluk dhuwit pangunjung tuwin panganyar- anyar marang bawah kareh rekane.


Apa dene yen nerak pepacak iki, kang ambekteni ora oleh kalungguhan, kang anampani bekti utawa anjaluk dhuwit panjunjung tuwin panganyar-anyar bakal kena patrapan, kapirit saka ing prakarane.


Sarasehan idul fitri kala wau minangka penget. Piranti kangge medhar wulangan ingkang sae. 


B. Jurukarti Pabrik Gula. 


Jurukarti utawi pegawai pabrik gula suka parisuka. Mudik lebaran Idul fitri lanthi sinau genep jangkep. Bayaran tikel matikel. 


Waosan idul fitri kanthi nyebat mula bukanipun pabrik. 

Hadeging pabrik gendhis Colomadu lan Tasikmadu mratandhani kemakmuran. Gendhis rinaos manis. Gesang lajeng langkung lancar patitis. 


Ing pundi papan panggenan Sri Mangkunegara IV asung penget dhateng para sentana dalah abdidalem kinen anggayuh kamulyan. Salebeting gesang perlu gadhah tigang perkawis supados jangkep genep lan genah anggenipun gesang bebrayan. Tigang perkawis menika sinebat wirya arta winasis.


Sinom


Bonggan kang tan merlokena, 

mungguh ugering ngaurip, 

uripe lan tri prakara, 

wirya arta tri winasis, 

kalamun kongsi sepi, 

saka wilangan tetelu, 

telas tilasing janma, 

aji godhong jati aking, 

temah papa papariman ngulandara.


Serat piwulang ing nginggil saged dados penget lan gegondhelan menggahing tiyang Jawi. Pura Mangkunegaran wiwit canja winih kopi rikala tahun 1814. Mapan ing kebon kopi Gondosini Bulukerta Wonogiri, tapel wates Ponorogo. Kebon kopi lajeng dipun tanem ing tlatah Tawangmangu lan Betal Nguntaranadi.


Mbudi daya murih gancaring wulu pametu, kados pratelan ing nginggil, cihna bilih Pura Mangkunegaran tetep ngugemi sesanggeman wirya, arta, winarni. Wirya arupi kalenggahan panguwaos. Arta wonten sesambetan kaliyan dhuwit. Winarni gegandhengan kaliyan guna pangawikan.


Tanggal 8 Desember 1861 Adipati Mangkunegara IV mandhegani jejeging pabrik gula Colomadu. Asiling gendhis Colomadu dipun sade ngantos dugi Bandanaire, Singapura. Untung tikel matikel, anjalari Pura Mangkunegaran sugih bandha bandhu.


Kalejangan hadeging pabrik gula Tasikmadu rikala tanggal 4 Juni 1871. Giling tebu mawi mesin uap. Nami majeng sanget. Amrih lancaring pabrik gendhis, perlu dipun sengkuyung olah tetanen ingkang trep lan leres. Upaminipun tahun 1874 Sri Mangkunegara IV ngrekadaya nanem wit kina, kangge nanggulangi penyakit malaria. Papanipun ing Kalisaro Tawangmangu.


Kebon teh mapan ing Ngimorata Tawangmangu Karanganyar. Taneman teh wiwit tahun 1877. Kebon nila dipun tanem tahun 1892. Kebon tebu kangge lancaring pabrik gula.


Abdi dalem ingkang ngasta ing pabrik gesangipun makmur. Idul fitri lumampah lancar gancar. 

Kadipaten Mangkunegaran manggih jaman kencana rukmi. Wewangunan ketingal megah asri anglam -lami. Pamedhan, regol, pendhapi, pringgitan, dalem ageng, patanen, dhimpil, senthongan, balai warni, pracimusana kawangunendah edi peni. Sedaya wewangunan kala wau betah prabeya kathah. Asiling kebon lan pabrik gula cekap kangge nyembadani kehing wragat.


Mekaring kasusastran, kabudayan, wewangunan langkung gampil menawi kasengkuyung wulu pametu. Pura Mangkunegaran sengkut gumregut mbudidaya kemakmuran. Kebon tebu lan mbako kagungan Pura Mangkunegaran jembar sanget.


Tanah Mangkunegaran mundhut saking tlatah Demak, Terbaya Semarang, Pendrikan. Tanah saking tlatah Demak kapundhut saking kulawarga Bupati Jepara RAA Tjitirtrasoma. Tanah ing Semarang saking kulawarga RAA Soerohadi Manggolo tanggal 11 Juli 1878.


Gancaring pambudi daya babagan wulu pametu, Pura Mangkunegaran andhawuhi kawedanan Kartapraja. Bebadan punika mbawahi kemantren harta usaha ingkang mandhegani kebon kopi, tebu, mbako, nila, teh. Kemantren Hartamimpuna mandhegani arta lan pajek. Kemantren Reksadana mandhegani pakaryan bendahara praja.


Pakaryan ingkang kaperang kanthi tumata, anjalari sedaya pedamelan lancar. Wulu pametu lumampah sae. Kemakmuran Pura Mangkunegaran majeng, kajen keringan. Kapribaden dados ajeg jejeg. Mandhireng pribadi ing tata gesang.


Pahargyan idul fitri kawula Mangkunegaran regeng nggayeng. Prabeya cekap kangge tumbas oleh oleh idul fitri 


C. Kembul Bujana Idul Fitri


Dhahar eca sampun sumadya. Pabrik gendhis paring bebungah. Jajan pasar cumawis. Kagem pasugatan Idul fitri. 


Busana gilar gilar gumebyar sarwa anyar. Kawula Mangkunegaran suka gembira. Lebaran Idul fitri damel sigrak gumyak. 


Saperangan pendherek kembul bujana andrawina sami maos bab tata praja. Titis ing samukawis dados kasunyatan menawi kinanthen ilmu ingkang pepak. Perkawis ingkang abot ruwet sembada dipun udhari mawi jangkeping kawruh. mila tiyang gesang wajib ngudi undhaking ngelmi.


Kawedanan among praja mbawahi kemantren sastralukita ingkang mandhegani olah kridhaning basa sastra. Kemantren reksapustaka mandhegani serat- serat wigatos. Kemantren pamong siswa mandhegani pamulangan, kawruh, ilmu, seserepan.


Piranti ingkang karipta murih gancaring pamulangan, Pura Mangkunegaran yasa wayang madya. Dados sarana sumebaring Serat Witaradya ingkang paring pratelan negeri Mamenang lan Pengging. Wayang madya karipta tahun 1872.


Sri Mangkunegara ugi ngripta Serat Warayagnya, Wirawiyata, Nayakawara, Darmawasita, Salokatama, Paliatma, Sriyatna, Tripama, Wedhatama, babad sinawung sekar, babad Wonogiri, Giripura, Tegalganda, serat Ngadani Pabrik Tasikmadu. Sedaya reriptan menika kangge njembaraken kawruh.


Reriptan sanesipun inggih punika ngalamat, babad serenan, werdining bangsal tosan, ngadani Bendungan Tirta Swara, ngadani Bendungan Tambak Agung, Srikaton, Nyanjata Sangsam, Wonogiri Prangwadana, Werdining Pandel Mangkunegaran, Pesanggrahan Langenharjo, rerepen. Reriptan Sri Mangkunegara wau damel padhanging jagad raya. Tumuli sami ayem tentrem.


Sri Mangkunegara IV paring sesorah, murih gesang saged patitis ing samukawis. Wejangan wau sinebut astagina, inggih punika cacah wolu: 1) golek panggautan, 2) rigen, 3) gemi, 4) nastiti, 5) weruh ing petung, 6) taberi tatanya, 7) nyegah kayun, 8) nemen ing sedya.


Piwulang kala wau dipun landhesi watak kasudarman sregep, pethel, tegen, wekel, pangati-ati. Aja nganti sembrana nindakake panguripan. Yen wus kepleset, angel tangine. Wusana rekasa ing samubarang gawe. Weling utama mau prayoga wigatekna. Ing pangajab wilujeng lestari.


Riyaya idul fitri gagrak Mangkunegaran saestu asri anglam lami. Dados piranti murih kukuhing jatidhiri. Sugeng lebaran idul fitri. Nyuwun agunging sih pangaksami.rel

Share:
Komentar

Berita Terkini