Mahargyo SASI SURO

Share:


Ist



GARDA.ID | Dhandhanggula, sinar terang tumapaking warsi, Raja Jawa mapag wulan Sura, Darana tuwajuh sumendhe,

Tata cara lelaku, Tapa ngrowot atapa mutih, 

Tapa ngalong angidang, Tapa ngeli kungkum, 

Banyuara geniara, tapa ngrame tapa bisu pati geni, jeng Sunan Surakarta.


Paring dhawuh tapa ngrowot mligi, Sarwa ijo dhahar gegodhongan, Bayem godhe gambas ceme, Roning ketela puhung, Terong bentis kuluban buncis, Kacang bangsane kara, Kangkung lung tumelung, Buntelan bothok lamtara, Godhong sambi adas kates janten cipir, Minangka pasugatan. 


2.dDinom


Tapa mutih dhahar sega, 

Telung dina telung wengi, 

Beras didang nganggo dandang, 

Prayogi yen nutu pari, 

Nuladha widodari, 

Nawangwulan Jaka Tarub, 

Leluhur tanah Jawa, 

Turun aji adipati, 

Sugeng jeneng langgeng murweng jagad raya. 


Lelakune tapa ngidang, 

Pitung dina siyang ratri,

Boten nate tetumpakan, 

Lumampahing suku sikil, 

Trumpah sandhal sumingkir,

Tanpa bakiyak sepatu, 

Muhung tracak dlamakan, 

Tuladha Jeng Sunan Kali, 

Nlasak alas jurang gawat kang kaliwat. 


3.

Mijil


Sami mastuti wulangan Jawi, 

Laku tapa ngalong, 

Ngudi boga pangan mrana mrene, 

Titi wanci nuju tengah wengi, 

Woh wohan den pethik, 

Pala sing gumandhul. 


Kang wigati laku tapa ngeli,

Ngentir nuting banyon, 

Kadya ilining bengawan Codhe, 

Brantas Serang Serayu Gung Lusi, 

Opak Oya kali, 

Tumuju neng laut.


4.

Kinanthi


Pratelane tapa kungkum, 

Banyu bening umbul Pengging, 

Gumarojog umbul Cakra, 

Kinarya sesuci dhiri,

Pujangga Yasadipura, 

Ranggawarsita piniji.


Angrumpaka wulang wuruk, 

Banyuara Parangtritis, 

Ombaking Parangkusuma, 

Geniara Senapati, 

Pulangsih Ratu Samudra, 

Mbawahi bumi Mentawis


5.

Gambuh


Ulat patrap manungkul, 

Mesu budi ing samudra kidul, 

Nyawang ombak ing madyane jalanidhi, 

Ngeningken cipta pandulu, 

Kanugrahan wus sumorot. 


Ngandhap gunung Merbabu,

Jaka Tingkir sowan Banyubiru,

Rawa Pening eneng enang enung ening,

Trahing Pajang nampi wahyu, 

Jumeneng minangka katong. 


6.

Pangkur


Kanjeng Sunan Amangkurat, 

Prameswari Wiratsari nenepi, 

Dumunung kali Serayu, 

Gunung Sumbing Sindara,

Megeng napas pangambu mbendung pangrungu, 

Banjarnegara Purbalingga, 

Purwokerto Tegalwangi. 


Sekar Wijayakusuma, 

Mekar arum sumerbak nusa rukmi, 

Ratu Kencana Serayu, 

Sipat kandel pusaka, 

Budi tulus sedya kasembadan lulus, 

Mranata kraton Mataram, 

Pindhah dhateng Kartawani. 


7.

Pucung


Jeng Sinuwun nata praja kebak purun, 

Amangkurat Amral, 

Amangkurat Emas Jawi, 

Sunan Paku Buwana ing Kartasura. 


Nata luhung kadi Kanjeng Sultan Agung, 

Saben sasi Sura, 

Kersa nglampahi semedi, 

Para raja leluhur Demak Bintara.


8.

Maskumambang


Pra narpati wus paring tepa palupi, 

Ngumbara lelana brata, 

Gunung alas jurang terbis, 

Tepining gisik samudra. 


Wulan Sura yogya kangge tiyang Jawi, 

Bawa rasa olah budi, 

Manekung tata semedi, 

Ginanjar slemet yuwana. Rel

Share:
Komentar

Berita Terkini