![]() |
Ist |
Garda.id | Pahargyan Dwijatama
1.
Dhandhanggula
Dwijatama ingkang amarsudi,
Jeng Profesor Afendy Widayat,
Guru Besar filsafate,
Tangguh sepuh lan wutuh,
ilmu laku titis permati,
Wulang wuruk wewarah,
Tambah mekar arum,
Nggulawenthah mahasiswa,
Mawi seni adi luhung edi peni,
Pawiyatan ngrembaka.
2.
Mijil
Ngesuhi jurusan basa Jawi,
Menep lahir batos,
Wanci siyang ratri enjang sore,
Prof Afendy sigra mandhegani,
Avi Melawati,
Sekretaris ampuh.
3.
Kinanthi
Kang cinatur tindak kondur,
Saking dalem Jatisawit,
Dugi kampus Karangmalang,
Prayitna lampahing margi,
Minangkani dwijatama,
Prof Afendy mitayani.
4.
Pangkur
Kawruh pepak ngelmu kebak,
Sarwa aris wasis ing samukawis,
Prof Afendy gupuh aruh,
Grapyak cerak semanak,
Jiwa agung misungsung tulung tinulung,
Manah manis manuhara,
Dadiya tepa palupi.
5.
Gambuh
Prof Afendy pikantuk,
Bakat sastra drama tembang suluk,
Amemetri mrih mbabar mekaring seni,
Dhalang wayang gurit kentrung,
Gumeleng lawan gumolong.
6.
Pucung
Lagak lagu guyon maton gawe guyu,
Afendy Widayat,
Guru Besar milangeni,
Kasembadan gegayuhan kaleksanan.
7.
Asmarandana
Tuwa mudha jaler estri,
Jeng Prof Afendy Widayat,
Sayekti gedhe kurmate,
Lembah manah ngarah arah,
Pasrah sumendhe sumarah,
Sambang sambung sawang srawung,
Kautaman ing bebrayan.
8.
Sinom
Tumurune Guru Besar,
Fungsional akademis,
Jabatan ing pawiyatan,
Agung ageng pancen inggil,
Manekung mesu budi,
Linakonan Kanjeng Madu,
Prof Afendy Widayat,
Sarwi permana permati,
Trus gumregah gumreget ing jangka jangkah.
9.
Durma
Lara lapa sinandhangan tapa brata,
Umahas ing ngasepi,
Nlasak gegodhongan,
Nrajang ing gegrumbulan,
Jroning cipta amung angesthi,
Lenging gagasan,
Prof Afendy mastuti.
10.
Megatruh
Sigra nglilir ngulir pikir Kanjeng Madu,
Prof Afendy suka yekti,
Pasrawungan guyub rukun,
Mangun manis tyas sesami,
Ayem tentrem alon klakon.
11.
Maskumambang
Titi wanci nampi ganjaran prayogi,
Jeng Prof Afendy Widayat,
Kulawarga dosen tendik,
Bagya mulya suka rena.
Minomartani,
21 Nopember 2024,
Purwadi
Rel