![]() |
Ist |
Garda.id | Babad Merapi Kidul
1.
Dhandhanggula
Raos gendhis kinarya memanis,Manuhara pambagya minulya,
Mawi melathi rinonce,
Setu Wage rolikur,
Wulanipun ing Pebruari,
Rong ewu slawe warsa,
Mbabar ganda arum,
Pardisandono minulya,
Heri Sarji Handayani palakrami,
Amemangun bebrayan.
2.
Maskumambang
Angestreni sanak kadang kakung putri,
Upacara pinangantyan,
Gancar basuki lestari,
Manggih wibawa widada.
3.
Kinanthi
Warga RT pitulikur,
Wilayah Minomartani,
Ngaglik Sleman Yogyakarta,
Atur puji pangastuti,
Ponang manten gya ginanjar,
Gemah ripah loh jinawi.
4.
Mijil
Rejeki sigra ambanyu mili,
Ayem lahir batos,
Guyub rukun brayat jalan lele,
Manunggal nyawiji,
Jumbuh kang ginayuh.
5.
Asmarandana
Suka lila welas asih,
Paripurna pawiwahan,
Sigrak gumyak endah rame,
Asri sasana rinengga,
Kembul buja andrawina,
Sesanti puji rahayu,
Sembada ingkang jinangka.
6.
Gambuh
Drajat luhur sempulur,
Kang cinatur gesang subur makmur,
Angleluri wulang wuruk edi peni,
Madhep mantep jroning kalbu,
Cahyane tansah mencorong.
7.
Pangkur
Para rawuh jawat asta,
Manten kalih manggih lejaring galih,
Tatas titis tatag tutug,
Tata karta raharja,
Panjang punjung pasir wukir anyengkuyung,
Sedaya sampun lumanpah,
Dhedhasar dugi prayogi.
Setu Kliwon, 22 Pebruari 2025.
Purwadi
Sari Indah Setiani,
Jl Kakap Raya 36 Minomartani Yogyakarta.