![]() |
Purwadi dlm suatu acara.ist |
Garda.id | Empu Bedhaya Gagrak Yogya
1.
Pangkur
Wulangan tari Bedhaya,
Mintaraga yasan Dalem Narpati,
Kanjeng Sultan Ping Sepuluh,
Kraton Ngayogyakarta,
Ajaran gung Hamengku Buwana linuhung,
Disertasi ngelmu rasa,
Perspektif Hermeneutik.
Lumaksana pendadaran,
Pak Marwanto mantheng mandeng promosi,
Doktor tari adi luhung,
Ing kampus Karangmalang,
Wusnya rampung Prof Suwardi anyengkuyung,
Prof Kuswarsantyo gumregah,
Dadya promotor pembimbing.
2.
Sinom
Ajarane ngelmu rasa,
Ing bedhaya tari,
Crita tutur Mintaraga,
Yasan Dalem Sultan Aji,
Ngayogyakarta nagri,
Narendra kaping sepuluh,
Hamengku Buwana yekti,
Sung pepadhang jagad raya sigra terang.
Prof Siswantoyo pangarsa,
Carik Bu Wenti Nuryanti,
Prof Anik Gufron miterang,
Pak Agus Cahyono meling,
Mangka dadya pangeling,
Doktor Marwanto wus lulus,
Ujian tinarbuka,
Tatag tutug gelis wasis,
Jangkep lancar sung wangsulan kanthi gangsar.
3.
Kinanthi
Hermeneutik andulu,
Binabaring disertasi,
Jroning tari Mintaraga,
Bedhaya paring pepeling,
Sarana warah piwulang,
Lenggahing Harjuna Yogi.
Pak Marwanto
kapinuju,
Tanggale nem Pebruari,
Rong ewu selawe warsa,
Kemis Wage titi wanci,
Dosen tendik mahasiswa,
Lulus doktor anekseni.
4.
Pucung
Sigra katur sagotra suka pitutur,
Bangsal Kepatihan,
Tari bedhaya ndayani,
Ngelmu rasa mesu budi olah jiwa.
Gotek catur Doktor Marwanto misuwur,
Penari kawentar,
Bagus alus merak ati,
Sigrak gumyak solah bawa sarwa penak.
5.
Gambuh
Bedhaya mengku kawruh,
Lenggah lungguh wanuh rereh ruruh,
Ngerti marang sangkan paraning dumadi,
Lila pasrah jiwa tulus,
Manut wedharan kedhaton.
Doktor Marwanto unggul,
Mantep mantul beksane pinunjul,
Dosen tari sregep mulang siswa siswi,
Kampus UNY lumaku,
FBSB mrih kesohor.
6.
Mijil
Manunggaling kawula lan Gusti,
Pangarsa Karaton,
Kanjeng Sultan aneng Gedhong Jene,
Paring dhawuh kinen mawas dhiri,
Kinarya palupi,
Pinanggih rahayu.
Amarsudi wulang wuruk tari,
Katonton miraos,
Pacak gulu trisik gawe rame,
Doktor Marwanto seniman pilih,
Luruh mriyayeni,
Tanggap gupuh aruh.
7.
Maskumambang
Memetri bedhaya Ngayogya negari,
Para catur trah sagotra,
Menep antep jatidhiri,
Sabar darana sumarah.
Bintang panggung seni tari edi peni,
Marwanto Doktor kaloka,
Baut joged wiwit cilik,
Maringi tepa tuladha.
8.
Megatruh
Tanggap tangguh tanggon wutuh wastra kampuh,
Mahanani mring pribadi,
Pituduh priyayi sepuh,
Binarung ing monggang gendhing,
Laras jangkep slendro pelog.
Jangkah maju langkah marem gerak arum,
Pak Marwanto mitayani,
Ngarah arah barang kawruh,
Dhasar seniman sejati,
Prebawa muncar mencorong.
9.
Asmarandana
Legawa patrap pakarti,
Srawung sawang sambung sambang,
Sepi pamrih rame gawe,
Kawula Ngayogyakarta,
Kulonprogo Bantul Sleman,
Dugi tlatah Gunungkidul,
Wruh bedhaya Mintaraga.
Jejere akademisi,
Gurune pra mahasiswa,
Siyang ratri enjang sore,
Pendhapa Tejakusuma,
Papan megah asri endah,
Piranti ambabar ngelmu,
UNY tambah kuncara.
10.
Durma
Sri Narendra Negari Ngayogyakarta,
Seni den uri uri,
Kagunan ngrembaka,
Sumebar trus tumangkar,
Ajaran tumrap mudha mudhi,
Kutha padesan,
Siyaga darma bakti.
Gagah lincah Pak Marwanto genep genah,
Jumangkah merbawani,
Dhapuk Prabu Rama,
Apadene Bambangan,
Nalikane jaman rumiyin,
Tandange laras,
Pasare manis laris.
11.
Dhandhanggula
Garwa putra mantu anyaosi,
Sanak kadang gumrojog tumandang,
Kadep Sekdep cawe cawe,
Dosen tendik sing rawuh,
Dekan Wadek kersa ngestreni,
Sinartan mahasiswa,
Sagung warga kampus,
Asung pambagya minulya,
Mrih basuki Doktor Marwanto lestari,
Suwita mring negara.
Pak Marwanto doktor Empu Tari,
Mirunggan bedhaya Mintaraga,
Ibarat sekar rinonce,
Semerbak ganda arum,
Cahya padhang jingglang nelahi
Penjuru nusantara,
Sumringah sumurup,
Reriptan Kanjeng Sultan,
Paring peling sabdatama mas sinangkling,
Warata saknegara.
Kemis Wage 6 Pebruari 2025,
Purwadi,
FBSB UNY