Garda.id | BABAD SKRIPSI
1.
Dhandhanggula
Percepatan sekripsi tinulis,
Tumrap mahasiswa basa Jawa,
Murih lancar beres kures,
Seratan urut patut,
Olah pikir gancaring tugas akhir,
Genah ingarah arah,
Mula ndherek dhawuh,
Dosen maringi wewarah,
Mulang meling minangka dados pembimbing,
Dumugi pendadaran.
2.
Kinanthi
Mula perlu sinengkuyung,
Program kadep basa Jawi,
Pak Prof Afendy Widayat,
Sekdep Avi Melawati,
Migunani mahasiswa,
Anggone nulis sekripsi.
3.
Pangkur
Rinumpaka sarasehan,
Narasumber Pak Profesor Suwardi,
Paring kawruh asesuluh,
Doktor Doni Hartanta,
Dunung srawung genep jangkep sambang sambung,
Tata caca penulisan,
Anut pedoman sekripsi.
4.
Pucung
Unggul kabul nyerat sekripsi pinunjul,
Nalika ujian,
Presentasi titis wasis,
Pitakonan paripurna winangsulan.
5.
Gambuh
Penguji gathuk mathuk,
Gandem marem nganti tekan besuk,
Amirsani garapan ingkang prayogi,
Pendadaran sampun lulus,
Sineksen kanca pangombyong.
6.
Asmarandana
Grapyak semanak nyaosi,
Suka bagya jawat asta,
Kempal bungah bage rame,
Ireng putih kang busana,
Muncar rinengga sekar,
Nyambi nengga yudisium,
Pawiyatan sigra tamat.
7.
Maskumambang
Perjuangan pendidikan wus pertitis,
Gya sarjana pendidikan,
Mligi ahli basa Jawi,
Siyaga ngemban pakaryan.
Kemis, 20 Maret 2025.
Purwadi,
Basa Jawa FBSB UNY