Malem Selikur Kraton Surakarta

Share:





Garda.id |  Malem Selikur Kraton Surakarta


1.

Dhandhanggula


Tata cara dinten Kemis Legi, 

Ing rong puluh Maret  wus lumampah, 

Tahun rong ewu selawe, 

Ngancik malem selikur, 

Kraton Surakarta ngadani,

Upacara pengetan,

Mapak wahyu turun, 

Lire Lailatul Qadar, 

Angleluri dhawuh Hadist Kanjeng Nabi, 

Muhammad Rasulillah.


2.

Kinanthi


Pangageng ing Kraton rawuh, 

Kanjeng Ratu Wandhansari, 

Ndherek sentana pangarsa, 

Gya tut wuri handayani, 

Abdi dalem pra pakasa, 

Sigra angayahi wajib. 


3.

Mijil


Abdi dalem pakasa pesisir, 

Bang wetan bang kulon, 

Dhampyak dhampyak sigrak gumyak rame, 

Katon gita gita nawung gati,

Ridhane ilahi, 

Jroning malem slikur. 


4.

Asmarandana


Pakasa Nganjuk Kediri, 

Surabaya Malang Blitar, 

Ngawi Pacitan Trenggalek, 

Tulungagung Gresik Tuban, 

Bojonegoro Lamongan, 

Jombang Magetan Madiun, 

Ponorogo Pasuruan. 


5.

Pangkur


Jepara Blora Semarang, 

Purwodadi Magelang Wonogiri, 

Salatiga Demak Kudus, 

Tegal Banjarnegara, 

Sragen Klaten lan Kebumen iguh aruh,

Sukoharjo Karanganyar, 

Boyolali darma bakti. 


6.

Durma 


Jangkep kocap pancen Pakasa Cilacap, 

Banyumas mandhegani, 

Jaman Amangkurat, 

Saka guru Mataram, 

Patuladhan tepa palupi, 

Kersa mahargya, 

Upacara wigati. 


7.

Maskumambang


Sambung rasa warga perguruan tinggi, 

Saking Sarjana Wiyata, 

Pimpinan Iskandar Yasin, 

Iswanto Zainul Haza. 


8.

Megatruh


Gya lumaku tata cara dugi dalu, 

Ing ngarsa para prajurit, 

Samroh terbangan lan bedhug, 

Ngumandhang puji hastuti, 

Ujube murih kelakon. 


9.

Sinom


Bregada arak arakan, 

Abdi ulama memuji, 

Mbrengengeng kang santiswaran, 

Mubeng beteng Baluwarti, 

Ngening cipta manunggil,

Pakasa Nganjuk Madiun, 

Ponorogo Jepara, 

Klaten Kudus Malang Ngawi, 

Boyolali Sukoharjo Karanganyar. 


10.

Gambuh


Adat malem selikur, 

Trus sumawur wedharan leluhur, 

Sang pujangga Surakarta asung warti, 

Daya agama rumuhun, 

Mardi tatanan gumathok. 


11.

Pucung


Wanci dalu heneng hening kang karungu, 

Lailatul Qodar, 

Pangastuti madya ratri, 

Ing pamujan ganjarane sewu wulan. 



Purwadi, 

Ketua Lokantara

Share:
Komentar

Berita Terkini