![]() |
ist |
Garda.id | Mesu Budi ing Gunung Lawu
Purwadi,
Ketua Lokantara,
HP 087864404347
1.
Dhandhanggula
Mesu budi ing pucaking redi,
Winastanan wukir Mahaindra,
Marsudi manah sumeleh,
Misuwur gunung Lawu,
Narendra gung ing Majapahit,
Prabu Sri Brawijaya,
Nglinang sukma tuhu,
Muksa nuju kasampurnan,
Sabda palon Naya genggong anututi, alaming kasuwargan.
Tirakatan tumrap tiyang Jawi,
Aran lara lapa tapa brata,
Mesu budi saktitahe,
Ngelmu laku kadulu,
Cegah dhahar kalawan guling,
Lantipe panggrahita,
Wungu wanci dalu,
Jroning sanggar pamelengan,
Mawas dhiri waspada angrasa wani,
Tanduk tindak sakpecak.
Titi wanci hari Jemah Paing,
Siji maret amiwiti pasa,
Tahun rong ewu selawe,
Sepuh paring pituduh,
Mesu budi reresik dhiri,
Mapak wulan Ramadhan,
Manteb jroning kalbu,
Tata cara tanah Jawa,
Pra priyayi among tani seni santri,
Lestari nak tumanak.
Wulan Pasa nyata wus pinanggih,
Rinengga kanthi nyadran ruwahan,
Nyekar pepundhen sumare,
Sowan para leluhur,
Ing pangajab bisa mberkahi,
Nyuwun idi palilah,
Pandonga pangestu,
Dene para putra wayah,
Ingkang bekti marang lelakon kawuri,
Lumampah saben warsa.
Ramadhan mangka pethingan sasi,
Sinambrama mawi tata cara,
Kabeh pasiraman rame,
Tapa kungkum ing umbul,
Tapa ngeli iline kali,
Kumambang banyu sendhang,
Minangka lelaku,
Murih padhanging sasmita,
Ngestu ngesti wulang wejangan permati,
Pujangga tanah Jawa.
2.
Pangkur
Tapa ngidang amiterang,
Ing sakparan rambanan mrika mriki,
Slulup blumbang tapa kungkum,
Ngalong dhahar woh wohan,
Wanci dalu gumandhul ing pang kadulu,
Tapa ngrame sesambatan,
Tulung tinulung sesama.
Mahargya pasa Ramadhan,
Kapurwakan upacara kenduri,
Wilujengan dhahar ngunjuk,
Undangan sanak kadang,
Suka sukur sami gesang subur makmur,
Bungah nyawang tegal sawah,
Panen tela jagung pari.
Ngalap berkah wulan pasa,
Tumrapipun ingon ingone tani,
Menda kebo kuda lembu,
Bebek menthok lan ayam,
Jenjem cumbu ayem tentrem merikelu,
Amberkahi sato kewan,
Wedharan para winasis.
Maneka warna puwasa,
Pasa ngebleng ngerowot pati geni,
Pasa mutih pasa kungkum,
Pasa ngalong angidang,
Pasa ngandhul pasa ngeli mrih pinunjul,
Megeng napas ngraga sukma,
Dhawuh sarjana martapi.
3.
Kinanthi
Turut ing pang tapa gandhul,
Ciblon kentir tapa ngeli,
Angrowot mawi janganan,
Godhong ijo saben hari,
Ngebleng sewengi sedina,
Kasantosaning pribadi.
Puwasa jaman rumuhun,
Wulang wuruke agami,
Ing Kraton Demak Bintara,
Sultan nyebar udhik udhik,
Pelataran Mesjid besar,
Manunggal kawula gusti.
Kawiwitan nabuh bedhug,
Ngumandhang ngebaki nagri,
Gumyak swaraning dhugdheran,
Piyak ngarep tangkep wuri,
Sambung lagon santiswaran,
Ndherek ngaos para Wali.
Dhawuh Kanjeng Ratu Panggung,
Putri Ampel Surabangi,
Prameswari Raden Patah,
Sajen pasa dalem masjid,
Puji dikir bedhug munya,
Ngobong dupa maca tahlil.
4.
Gambuh
Geniara tinempuh,
Banyuara tapaning wong ampuh,
Pitung dina pitung bengi pati geni,
Pribadi batin sumurup,
Sinar nelahi mencorong.
Njeng Sultan Pajang dhawuh,
Sasi pasa kedah ngangsu kawruh,
Dimen wasis titis karya samukawis,
Ngaji sakeh kitab buku,
Seratan sigra kawaos.
Ki Ageng Banyubiru,
Jaka Tingkir suwita meguru,
Sasi pasa cegah dhawar lawan guling,
Karebet tekun mituhu,
Nata Pajang kang kesohor.
Mas Cempaka rahayu,
Nyawuk banyu pirantine wudhu,
Tirta bening mili saking umbul Pengging,
Trah sadarum kinen kungkum,
Lestari wahyu kedhaton.
5.
Sinom
Wanadri krendha wahana,
Tirtamaya Wonogiri,
Ngawi ing alas ketangga,
Alas Purwa Banyuwangi,
Selomangleng Kediri,
Rawacampur Tulungagung,
Puncaking Saptaharga,
Gunung Brama gunung Kawi,
Tapa brata tumrap jalma digdaya.
Wulan Pasa ing Metaram,
Mejang marang Senapati,
Ki Ageng Pemanahan,
Kinarya laku prihatin,
Ngemong Juru Martani,
Tapa ing segara kidul,
Antuk wahyu jatmika,
Nuli ing kayangan Dlepih,
Sujud sukur marang Gusti Maha Tunggal.
Siram ing sendang Seliran,
Sagung darah ing Mentawis,
Mahargya wulan Ramadhan,
Minangka sesuci dhiri,
Tirakat lahir batin,
Ganda dupa sekar arum,
Wadhah bokor kencana,
Mbrengengeng pamuji dzikir,
Abdi dalem ulama manengku puja.
Ratu Waskitha amuja,
Prameswari saking Pathi,
Siram ing sendhang Seliran,
Mawi kemben sinjang bathik,
Kekonyoh lisah wangi,
Sinartan putri Madiun,
Ratu Retna Dumilah,
Panembahan Senapati,
Laku pasa nyantosani jiwa raga.
6.
Asmarandana
Umbul Ngabeyan ing Pengging,
Banyu bening umbul dhudha,
Kinclong kinclong umbul manten,
Banter umbul pasiraman,
Kumricike umbul rara,
Yekti sasana nenuwun,
Panjangka murih sembada.
Amangkurat Tegalwangi,
Tarak brata wulan siyam,
Aneng Kedhaton Pamase,
Sakwetane Ajibarang,
Dhusune nama Lesmana,
Jamasan kali Serayu,
Salat tarweh ing Banyumas.
Gunung Slamet peni asri,
Laku ibadah Ramadhan,
Amangkurat sami ndherek,
Purbalingga lan Cilacap,
Kebumen Banjarnegara,
Pra kawula manut runtut,
Bumiayu Brebes Tegal.
Kanjeng Ratu Wiratsari,
Mandhegani Pancurendang,
Sasi pasa sigrak rame,
Nyambi ngupakara emas,
Raden Rahmat Raden Drajat,
Pangeran darahe ratu,
Kulina manungku puja.
7.
Mijil
Parangkusumo miwah Parangtritis,
Semedi pra katong,
Wahyu ndalu pulung muncar moncer,
Nata Pajang narendra Mentawis,
Trahing Senapati,
Tedhak turun ratu.
Pasanipun Amangkurat Jawi,
Manjing raos batos,
Siram jamas wiwit wanci sore,
Nggebyur kungkum aneng umbul Pengging,
Ngantos madya ratri,
Mbacut laku sujud.
Lambaraning Kartasura nagri,
Lelaku prihatos,
Wulan Ramadhan berkahe gedhe,
Kagem ndhudhah wulangan prayogi,
Serat Nitisruti,
Ngemot barang ngelmu.
Kanjeng Ratu Kencana miyarsi,
Bang wetan bang kulon,
Pesisir kidul lan pesisir ler,
Cegah dhahar guling,
Mesu jroning kalbu.
8.
Pucung.
Sunan Kombul kondhang narendra pinunjul,
Tapa ing Bengawan,
Mbangun kedhaton negari,
Kartasura pindhah dhateng Surakarta.
Adi luhung wejangane Sultan Agung,
Wewarah Ramadhan,
Sasi Pasa wulan suci,
Bebles tenan mulang ngelmu kasampurnan.
Mbabar kawruh wulan Pasa sung pituduh,
Serat pangracutan,
Nitipraja Sastra Gendhing,
Trah Mataram tata tentrem alam.
Mbangun turut niti praja pancen patut,
Serat pengracutan,
Kitab nitik sastra gendhing,
Ratu Batang garwa nata sampun kondhang.
9.
Megatruh.
Lawang sewu wewangunan kaping telu,
Sunan Paku Buwana Tri,
Pesanggrahan gedhung agung,
Gagah megah dhapur loji,
Emas picis trus pirantos.
Mejang ngelmu Amangkurat Mas kang tinemu,
Aneng wilayah Kediri,
Wulan Pasa pancen unggul,
Tirakat ing gunung Wilis,
Gya munajat mring Hyang Manon.
Sujud sukur kawulane amrih makmur,
Amangkurat ing Kediri,
Tahajud kanthi sumuyut,
Raja Mataram ber budi,
Sumare Hastana Gedhong.
Kanjeng Ratu Lembah Manah Mas mituhu,
Amangkurat Tri Kediri,
Pasa saji gunung Kelud,
Kali Brantas pasa ngeli,
Marsudi lantiping batos.
10.
Maskumambang.
Danaraja gunung suci kang wigati,
Pesanggrahan Kalinyamat,
Ratu putri mitayani,
Pangarsa bupati Jepara.
Amangkurat Amral pasa mesu budi,
Ing Mataram Kartasura,
Kanthi laku tapa ngeli,
Urute kali Larangan.
Ingembanan dening Ratu Wandansari,
Saking tlatah Surabaya,
Garwa Adipati Pekik,
Nyengkuyung nata Mataram.
Maduretna putri bupati Kediri,
Tunenggung Purbanagara,
Garwa Amangkurat ping dwi,
Pra kawula Surabaya.
11.
Durma
Patih Sindureja tapa ing Cilacap,
Donan gunung Serandhil,
Wijaya Kusuma,
Pusaka Kartasura,
Amangkurat Amral ndhawuhi,
Jejeging praja,
Aji sela marsigit.
Kanjeng Sunan Paku Buwana kapisan,
Lan garwa prameswari,
Ratu Mas Balitar,
Lampah siyam Ramadhan,
Wulujengan ing Cakra Pengging,
Kempal kawula,
Semedi pangastuti.
Sasi Pasa agama mangka sarana,
Kartasura Mentawis,
Kawula negara,
Tentrem karta raharja,
Lelandhesan kawruh agami,
Wulan Ramadhan,
Berkah Wahyu ilahi.
Pangeran Purbaya bupati Lamongan,
Ratu Mas ingkang siwi,
Garwa sri narendra,
Sunan Paku Buwana,
Karaton Surakarta sugih,
Suka martapa,
Nata asung palupi.
Para nata Surakarta Hadiningrat,
Munggah mangsah semedi,
Sapuncaking arga,
Gunung Lawu Mahendra,
Leluhur Jawi amberkahi,
Manungku puja,
Cipta sasmita dadi.
Rabu paing
5 Maret 2025