Garda.id | Satus Dina Ki Warsena
1.
Dhandhanggula
Satus dina manjing tepet suci,
Papan eca winastan suwarga,
Dalang Doktor Warsena Slenk,
Brayat agung amunjuk,
Pangastuti Hyang Maha Suci,
Ing Kranggan Kartasura,
Garwa putra putu,
Gya anggelar wilujengan,
Tahlil tahmid tasbeh takbir dikir,
Sinartan pengajian.
2.
Mijil
Kalih dasa Maret dinten Kemis,
Sawusnya kelakon,
Tahunipun rong ewu selawe,
Pangarsa ulama maos Yasin,
Japa mantra santi,
Pinanggih rahayu.
3.
Kinanthi,
Ndhudhah lampahan rumuhun,
Gesang kebak darma bakti,
Warsena Hardjadarsana,
Maringi tepa palupi,
Ulat patrap lan pangucap,
Suka karyenak sesami.
4.
Sinom
Lara lapa tapa brata,
Latempuh wasis patitis,
Lumampah ngarah sekolah,
Nganti perguruan tinggi,
Sarjana master katri,
Gumreget gregah gumregut,
Gelar Doktor kasandhang,
Rumeksa ideologi,
Pancasila minangka dasar negara.
5.
Pangkur
Ki Warsena dhalang kondhang,
Olah sanggit garap gendhing inganggit,
Kelir srana mbabar kawruh,
Kawignyan tata praja,
Sambang sambung sawang srawung lung tinulung,
Kaluhuran kautaman,
Wejangan wedharan becik.
6.
Pucung
Kukuh bakuh teguh santosa tinempuh,
Kyai Ageng Warsena,
Pendidikan mitayani,
Pawiyatan dadya margane kamulyan.
7.
Gambuh
Kathah batur sedulur,
Subur makmur rejeki sempulur,
Dalang sugih Ki Warsena gadhah batih,
Garwa putra mantu putu,
Tansah momong momor momot.
8.
Maskumambang
Ki Warsena amanggih kencana rukmi,
Kulawarga masyarakat,
Seniman pejabat nagri,
Pengabdian nusa bangsa.
9.
Asmarandana
Labuh labet darma bakti,
Tumrap Ki Doktor Warsena,
Minangka priyayi gedhe,
Grapyak sumrambah sumanak,
Dhateng kadang pawong mitra,
Atut runtut guyub rukun,
Seniman lan budayawan.
10.
Megatruh
Wutuh ampuh tetep tanggap tanggon tangguh,
Jroning nggulawenthah seni,
Ki Warsena gya sinau,
Dhumateng para winasis,
Kanthi patrap andhap asor.
11.
Durma
Warsena Hardjadarsana paripurna,
Sayekti amarisi,
Tuladha utama,
Kebecikan pakaryan,
Kondur marang kasedan jati,
Suwarga loka,
Kelanggengan sejati.
Kemis,
20 Maret 2025,
Purwadi,
Jl Kakap Raya 36 Minomartani Yogyakarta