Hari Kartini

Share:

 



Hari Kartini


1.

Dhandhanggula


Raden Ajeng Kartini winarni, 

Putri sejati ing nusantara, 

Yekti saking pesisir ler, 

Mayong Jepara tuhu, 

Sasraningrat Sri Adipati, 

Nggulawenthah sekolah, 

Bangsa murih maju, 

Nyengkuyung Sasrakartana, 

Sung palupi rayi Kardinah Rukmini, 

Drajat luhur wanita. 


2.

Mijil


Nuju tanggal ing selikur April, 

Tahunipun miyos,

Wolulas pitu sanga petunge, 

Jayadiningrat Rembang Bupati, 

Garwa Jeng Kartini, 

Kersa mbabar ngelmu. 


3.

Maskumambang


Raden Ajeng Kartini putri sejati, 

Wus kaloka arum nama, 

Pendhekar ibu pertiwi,

Anjunjung drajat wanita. 


4.

Pangkur


Sekolah mapan ing Rembang, 

Tatas titis tinata gelis wasis,

Pawiyatan putri Bulu, 

Sinau nulis maca, 

Mbabar kawruh Kartini paring pituduh,

Emansipasi wanita, 

Kokoh terampil mandhiri. 


5.

Pucung


Sami srawung ajaran Kartini dunung, 

Tumraping wanita, 

Darma bakti mring negeri, 

Pendidikan sarana nggayuh kamulyan.



Purwadi, 

Universitas Negeri Yogyakarta.

Share:
Komentar

Berita Terkini