SANTI IDUL ADHA

Share:

 




SANTI IDUL ADHA


1.

Dhandhanggula


Wus ngumandhang tahlil takbir tahmid, 

Tumapaking dina Idul Adha, 

Mangka kanugrahan gedhe, 

Nabi Ibrahim dhawuh, 

Dhateng putra Nabi Ismail, 

Kinen ibadah kurban, 

Mragat dhomba wedhus, 

Sapi onta lan maesa, 

Asesanti murih basuki lestari, 

Sagung ummat sakdonya. 


2.

Pangkur


Patuladhan Siti Hajar, 

Wanodyayu garwa Nabi Ibrahim, 

Manekung ngibadah khusuk, 

Pasrah Allah Ta'ala, 

Jroning kalbu ngeningke cipta pandulu, 

Donga sigra kinabulna, 

Bagya mulya garwa siwi. 


3.

Mijil


Anyarengi kadang munggah Kaji, 

Apadene Umroh, 

Pamrihe pikoleh amal sholeh, 

Pengrasuke agama sejati, 

Muslim mukmin muhsin, 

Nama Haji mabrur. 


4.

Gambuh


Pamuji unggul kabul, 

Ibrahim Ismail Nabi punjul, 

Siti Hajar maringi tepa palupi, 

Sujalma sajuru juru, 

Duk nalika Haji Umroh. 


5.

Maskumambang


Mbangun jiwa raga aneng Tanah Suci, 

Ing Kutha Mekkah Madinah, 

Ndherek marang Kanjeng Nabi, 

Adhedhasar Kitab Qur'an. 



Purwadi, 

Jumat Wage, 6 Juni 2025

Share:
Komentar

Berita Terkini