Rabu, 14 Oktober 2026

MAOS GEGURITAN

Garda.id - Kamis, 10 Juli 2025 10:05 WIB
MAOS GEGURITAN
MAOS GEGURITAN

 




MAOS GEGURITAN


Tumraping para taruna mersudi seni saged winastanan wigati. Geguritan dipun waos kangge  ngrabuk segering raos. Wulang wuruk kawengku ing sakjroning cakepan. 


Rum kuncaraning bangsa dumunung ing luhuring budaya. Nguri uri budaya Jawa lumampah rikala dinten Sabtu Pon, 5 Juli 2025. Adon adon maos geguritan kababar ing desa Kraguman Jogonalan Klaten. 


1.

Iki piye lak iki piye, 

Embuh embuh ra ruh Jawane, 

Ngona ngono lak salahmu dhewe, 

Butuhku mung nyambut gawe. 


2.

Kembang mlathi awarna peni, 

Pepujane kaum putri, 

Ayo sami sesanti, 

Mrih luhuring warga seni.


3.

Lawang minep ketabrak luwak, 

Weteng senep kakehan rujak, 

Aku nginep ana sing ngajak, 

Dene ketangkep bejane awak. 


4.

Gethuk lindri saking Blauran, 

Sing dodol kangmas Pairan, 

Kula niki mung seduluran, 

Sinambi lenggah lan njajan.


5.

Kembang mlathi mekare lima, 

Ganda arum ing pinggir marga, 

Kula niki sederma crita, 

Yen lepat nyuwun pangapura.


1.

Disuwir suwir dadi selawe, 

Dijupuk papat kari selukur, 

Dipikar pikir ora melu  nduwe, 

Ora liwat dadi sedulur. 


2.

Disuwir suwir dadi selawe, 

Dijupuk nembelas kari songo,

Dipikar pikir ora melu nduwe, 

Atine melas ditinggal lunga. 


3.

Dakrewangi ndhundhuk sumur, 

Mbok menawa metu sumbere, 

Dakrewangi totohan umur, 

Mbok menawa dadi jodhone.


4.

Dakrewangi ndhundhuk sumur, 

Metu sumbere ora melu ngombe, 

Dakrewangi torohan umur, 

Kari senenge ora bisa ngrasakke.


5.

Esuk nakir sore nakir, 

Sing ditakir godhonge sere, 

Esuk mikir sore mikir, 

Sing dipikir wis ana sing nduwe.


6.

Gethuk lindri saking Blauran, 

Sing dodol Mbakyu Suminten, 

Kula niki mung seduluran, 

Yen lepat nyuwun ngapunten.


Tepa palupi kinarya kaca benggala. Geguritan saestu dados pepadhanging kalbu. Para kadang taruna pikantuk seserepan. Pak Lurah Sunaryo, Pak Sutardi, Bu Suci, Mbak Wahyu dados pengayoman satuhu. Mas Aziz Heru Iswanto priyaggung ingkang micara. Wewengkon Kraguman Jogonalan Klaten sangsaya suka gembira terang terwaca. 



Klaten, Setu Pon 5 Juli 20025.

Purwadi, 

FBSB UNY, 

HP 087864404347

Editor
: Garda.id
Sumber
:
SHARE:
 
Berita Terkait
Tanpa Lawan, Hendri Yanto Sitorus Kembali Pimpin Golkar Labura
KONI dan Kemenag Siapkan Pospenas 2027, Pesantren Jadi Basis Pembinaan Atlet Nasional
Dr. H. Hery Subiansauri: Polda Sumsel Hadir Memberi Rasa Aman dan Keadilan
Menteri Investasi dan Hilirisasi Tetapkan Kinerja Perizinan Deli Serdang Sangat Baik, Nilai Tembus 91,728
Dr. H. Hery Subiansauri: Polda Sumbar  Hadir sebagai Sahabat Masyarakat, Bukan Sekadar Penegak Hukum
Senator H. Dedi Iskandar Batu Bara Terima Kunjungan Bang Anto Genk, Bahas Kiprah dan Pengabdian untuk Sumatera Utara
 
Komentar