![]() |
ist |
Garda.id | RATU BANGSRI PUTRI AMANGKURAT MAS
Purwadi,
Ketua Lokantara
1.
Dhandhanggula
Winursita Kanjeng Ratu Bangsri,
Asma timur jeng Siti Rubingah,
Parab Raden Ajeng Jene,
Lembah Manah kang ibu,
Prameswari Amangkurat tri,
Mataram Kartasura,
Wanita pinunjul,
Garwa Bupati Lamongan,
Adipati Purbaya dhawuh marsudi,
Keputren tata praja.
Lembah Manah Ratu Banyumanik,
Atma Pangeran Puger Semarang,
Trah kusuma luhur gedhe,
Ratu Blitar Madiun,
Ratu Bangsri ndherek sumiwi,
Duk Mangkurat tri seda,
Ingkang ibu surut,
Momong Ratu Mas Balitar,
Sung Wewarah Siti Rubingah winardi,
Sekaring dhatulaya.
2.
Mijil
Palakrama Kanjeng Ratu Bangsri,
Adipati Lamong,
Pangeran Purbaya Pesisir Ler,
Bandar Tanjungperak minyak bumi,
Garam kecap trasi,
Dugi Tegalarum.
Kersa dalem Amangkurat Jawi,
Putra pati miyos,
Kanjeng Prabasuyasa lir rante,
Ratu Mas Lamongan nyaranani,
Paku Buwana dwi,
Prameswari Ratu.
3.
Kinanthi
Ratu Bangsri amituhu,
Leluhur tlatah Kediri,
Bupati Purbanegara,
Candrakirana kang putri,
Garwa Amangkurat Amral,
Raden Sutikno sesiwi.
Ratu Lembah Manah dhaup,
Kondhang Ratu Banyumanik,
Garwa Amangkurat Emas,
Apeputra Ratu Bangsri,
Garwa Pangeran Purbaya,
Ratu Mas Sinuwun ping dwi.
4.
Gambuh
Suka sukur mring leluhur,
Ratu Bangsri midhanget ing atur,
Jayabaya narendra gung ing Kediri,
Waskitha sabarang kawruh,
Dadya pandam pandum pandom.
Jroning kakawin kidung,
Kraton Daha Jenggala Panjalu,
Kahuripan Singosari Majapahit,
Demak Pajang lan Mentarum,
Ratu Bangsri purun maos.
5.
Maskumambang
Ratu Bangsri tedhak turune Kediri,
Setono Gedhong kinucap,
Tedhak turun adipati,
Sarjana ulama Brantas.
Sekartaji Candrakirana Kediri,
Tulungagung Nganjuk Blitar,
Trenggalek wiji sejati,
Kuwat drajat pangkat semat.
6.
Pucung
Waris kawruh Empu Sedah lan Panuluh,
Tantular Prapanca,
Empu Kanwa Siwamurti,
Trang terwaca Ratu Bangsri kersa maca.
Para Empu tanah Jawa nyawur ngelmu,
Pujangga Darmaja,
Kameswara peling angling,
Anut sabda Ratu Bangsri mrih yuwana.
7.
Pangkur
Trahing Kraton Kahuripan,
Singasari Jenggala ing Kediri,
Majapahit lan Panjalu,
Demak Pajang Mataram,
Pra leluhur tanah Jawi wus misuwur,
Ratu Bangsri bakti darma,
Garwa Bupati Lamongan.
8.
Sinom
Sumungkem Siti Rubingah,
Kawentar Jeng Ratu Bangsri,
Garwa Pangeran Purbaya,
Pangarsa tlatah pesisir,
Atma Mangkurat katri,
Tedhak turun para ratu,
Ngejayeng tanah Jawa,
Run tumurun nak tumanak,
Rajadibya ambeg adil paramarta.
Jayabaya Kameswara,
Narendra kraton Kediri,
Leluhur Mangkurat Emas,
Kanjeng Ratu Ayu Bangsri,
Jenggala Singasari,
Kali Brantas gunung Kelud,
Ratu Candrakirana,
Purbanegara Dipati,
Trah kusuma mbabar yuwana raharja.
9.
Megatruh
Tanggon tangguh tekad wutuh budi ampuh,
Kanjeng Ratu Ayu Bangsri,
Nalar ginambar ginayuh,
Permana laku pertitis,
Kabeh panjangkah kelakon.
Gunung Kelud kali Brantas sami lulut,
Dhateng Kanjeng Ratu Bangsri,
Anak yatim sung pitulung,
Pangeran Purbaya Bupati,
Kapanjing wahyu kedhaton.
10.
Asmarandana
Amangkurat ing Kediri,
Katelah Mangkurat Tiga,
Tulungagung Blitar lan Trenggalek,
Bupati Purbanegara,
Ngembang Candrakirana,
Amangkurat Amral Ratu,
Ratu Bangsri ingembanan.
Pesisir ler tanah Jawi,
Kuneng Bupati Lamongan,
Ratu Bangsri sigrak rame,
Nggulawenthah ingkang putra,
Garwa narendra Mataram,
Suwita Sinuwun Kombul,
Kartasura Surakarta.
11.
Durma
Palakrami jeng Purbaya ing Lamongan,
Kaliyan Ratu Bangsri,
Putri Amangkurat,
Kartasura Diningrat,
Darahe Karaton Kediri,
Siwi Ratu Mas,
Paku Buwana ping dwi.
Pasok bulu bekti caos bandha arta,
Hadeg jejeging nagri,
Mbangun kutha praja,
Kedhaton Surakarta,
Ratu Bangsri tansah nyembadani,
Wragat prabeya,
Tatag tutug lestari.
Purwadi,
Universitas Negeri Yogyakarta