Garda.id | Tata Cara Bale Smarakata
1.
Dhandhanggula
Wilujengan kinarya mengeti,
Para Gusti kang sampun suwarga,
Alusipun wus sumare,
Pajimatan satuhu,
Gusti Galuh Kencana nguni,
Gusti Sekar Kencana,
Dalah garwanipun,
Jeng Gusti Kusumayuda,
Gusti Retna Dumilah sagarwa ugi,
Gusti Nur Cahyaningrat.
2.
Kinanthi
Abdi dalem sami munjuk,
Donga puji pangastuti,
Dhawuh Sasana Wilapa,
Gusti Ratu Wandhansari,
Dhateng pangarsa ulama,
Tahlil tahmid takbir dikir.
3.
Pangkur
Mbrengengeng ing Smarakata,
Ngening cipta lenggah saluku tunggil,
Madhep mantep niyat ingsun,
Syahadat Shalat pasa,
Nuwun kabul unggul pamuji pinunjul,
Binarung kukusing dupa,
Kumelun aneng wiyati.
4.
Mijil
Sentana nayaka ngagem bathik,
Prabawane kinclong,
Sumunar gembira jajar jejer,
Sigra mejang Jeng Pangeran Wirabhumi,
Paugeran nagri,
Mbabar kawruh hukum.